Langsung mlebu


SINAU ALKITAB

Bahagia Saklawasé

Nèk sinau Alkitab, njenengan isa ngerti jawabané pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Piyé bèn aku isa bahagia?

  • Apa manungsa bakal susah terus?

  • Apa wong mati isa diuripké manèh?

  • Apa Gusti Allah nggatèkké aku?

  • Piyé bèn dongaku dijawab karo Gusti Allah?

Ora Mbayar

Sinauné ora mbayar. Njenengan ya isa éntuk Alkitab lan buku Bahagia Saklawasé.

Wektu lan Panggonan sing Cocog

Isa ketemu langsung, liwat télpon, utawa liwat Internèt. Wektu lan panggonané njenengan sing nentokké.

Ora Dipeksa

Nèk njenengan arep mandheg sinau ya ora apa-apa.

Sinauné piyé?

Mengko ana sing mbantu njenengan sinau Alkitab nganggo buku Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab. Sinauné urut sesuai topik, bèn njenengan isa ngerti isiné Alkitab lan apa manfaaté. Nèk péngin ngerti luwih akèh, setèlen vidéo iki utawa wacanen artikel soal kuwi.

Péngin ngerti bukuné?

Deloken pelajaran-pelajaran awal buku iki.

Arep nyoba?

Ndaftaré langsung klik link iki.