Langsung mlebu

BANTUAN KANGGO KELUARGA | PERKAWINAN

Carané Bèn Ora Terus-terusan Cemburu

Carané Bèn Ora Terus-terusan Cemburu

 Perkawinan ora isa bahagia nèk suami istri ora saling percaya. Dadi, piyé bèn suami istri ora terus-terusan curiga lan cemburu?

Ing artikel iki bakal dibahas

 Apa cemburu kuwi salah?

 Cemburu kuwi perasaan jèngkèl utawa ora seneng wektu wong liya perhatian karo bojoné awaké dhéwé, utawa bojoné awaké dhéwé luwih perhatian karo wong liya. Awaké dhéwé mungkin ngrasa nèk kuwi bahaya lan suwé-suwé isa dadi masalah. Perasaan kuwi wajar lan ora salah. Soalé nèk wis nikah, suami istri dadi luwih akrab lan bakal berusaha bèn ora ana sing ngrusak perkawinané meréka.

 Ayat: ”Wong lanang lan wong wédok kuwi dudu loro manèh, ning siji. . . . Apa sing wis didadèkké siji karo Gusti Allah ora éntuk dipisahké manungsa.”​—Matius 19:6.

 ”Cemburu kuwi kaya alarm kebakaran. Nèk muni berarti ana bahaya. Dadi, awaké dhéwé kudu langsung bertindak kanggo ngatasi kuwi.”​—Benjamin.

 Tapi piyé nèk cemburu buta? Cemburu buta kuwi cemburu merga terus-terusan curiga lan terlalu kuwatir. Nèk bener-bener sayang karo bojo, awaké dhéwé ora bakal kaya ngono. (1 Korintus 13:4, 7) Dr. Robert L. Leahy nulis, ”Merga [cemburu buta], sikap lan tingkah lakuné njenengan isa nggawé hubungané njenengan karo bojo dadi ora bahagia.” a

 Apa waé penyebabé cemburu buta?

 Mungkin salah siji alesané merga njenengan tau nduwé bojo sing ora setya utawa njenengan wedi nèk bakal kaya wong tuwané njenengan sing cerai merga salah siji ora setya.

 ”Aku ora gampang percaya karo wong liya. Soalé pas aku isih cilik, bapakku tau selingkuh. Kuwi nggawé aku trauma, bahkan kadhang-kadhang aku nganti ora percaya karo bojoku.”​—Melissa.

 Alesan liyané: Nèk kerep ngrasa kurang percaya diri, njenengan bakal terus-terusan curiga nèk wong liya bakal ngrusak perkawinané njenengan. Malah mungkin mulai kuwatir nèk bojoné njenengan bakal seneng karo wong liya lan akhiré ninggalké njenengan.

 Apa waé alesané, cemburu buta isa nggawé njenengan terus-terusan nudhuh nèk bojoné njenengan ora setya. Nèk ngono terus, kuwi bahaya kanggo keséhatan lan suami istri ora isa bahagia.

 Ayat: ”Cemburu kuwi kaya penyakit sing nggawé balung dadi bosok.”​—Wulang Bebasan 14:30, cathetan ngisor.

 Carané bèn ora gampang cemburu

 Berupaya kanggo tambah percaya. Daripada terus-terusan curiga nèk bojoné njenengan selingkuh, luwih apik mikirké bukti-buktiné nèk dhèwèké sayang karo njenengan.

 ”Aku mikirké sifat-sifat apiké bojoku. Bojoku ki mémang wongé perduli, dadi nèk dhèwèké perhatian karo wong liya kuwi mémang tulus lan ora ana motif liyané. Aku kudu terus éling nèk sing dialami wong tuwaku durung tentu tak alami.”​—Melissa.

 Ayat: ”Wong sing nduwé katresnan . . . percaya karo apa waé.”​—1 Korintus 13:4, 7.

 Aja langsung nyimpulké. Dr. Leahy nulis, ”Kadhang awaké dhéwé ngrasa nèk sing dipikirké kuwi mesthi bener. Tapi, kadhang awaké dhéwé terlalu cepet nyimpulké, padahal kenyataané ora kaya ngono.” b

 ”Nèk terlalu curiga terus langsung nyimpulké nèk kuwi bener, kuwi malah isa marahi masalah.”​—Nadine.

 Ayat: ”Kowé kudu nduduhké marang kabèh wong nèk kowé masuk akal.”​—Filipi 4:5, cathetan ngisor.

 Critakna sing dikuwatirké. Nèk cemburu, critakna perasaané njenengan karo bojo. Terus rembugen apa waé sing isa diupayakké lan sikapé kudu piyé bèn ora nggawé cemburu.

 ”Pas lagi ngomongké sing dikuwatirké, aja nganti mikir èlèk sik soal bojoné njenengan. Isa waé dhèwèké lagi berusaha bèn ora nggawé njenengan cemburu. Percayaa nèk dhèwèké mikirké perasaané njenengan. Mungkin awaké dhéwé sing terlalu gampang cemburu, utawa terlalu nuntut. Mungkin dhèwèké ya ora ngerti nèk sakjané awaké dhéwé ki péngin luwih digatèkké.”​—Ciara.

 Ayat: ”Saben wong kudu mikirké kepentingané wong liya, dudu kepentingané dhéwé.”​—1 Korintus 10:24.

a b Saka buku The Jealousy Cure.