Langsung mlebu

Piyé Carané Ngrawat Wong Tuwa sing Wis Lansia?

Piyé Carané Ngrawat Wong Tuwa sing Wis Lansia?

Jawaban ing Alkitab

 Menurut Alkitab, anak sing wis déwasa ”kudu ngurus kebutuhané keluargané lan mbales kabèh sing wis ditindakké wong tuwané. . . . Kuwi bukti nèk wong-wong kuwi ngabdi marang Gusti Allah, lan kuwi sing dikarepké Gusti Allah”. (1 Timotius 5:4) Nèk anak gelem ngurus wong tuwané sing wis lansia, kuwi ya bukti nèk dhèwèké ngajèni wong tuwané.—Éfésus 6:2, 3.

 Mémang, ing Alkitab ora ana petunjuk spésifik soal carané ngurus wong tuwa sing wis lansia. Tapi ing Alkitab ana conto wong-wong sing ngurus wong tuwané, terus ya ana naséhat sing isa mbantu awaké dhéwé ngrawat wong tuwa.

 Piyé carané wong-wong ing jaman Alkitab ngurus wong tuwané sing wis lansia?

 Carané wong-wong kuwi ngurus wong tuwané béda-béda, tergantung keadaané.

  •   Yusuf tinggalé adoh saka bapaké sing wis lansia, yaiku Yakub. Mula, Yusuf ngatur bèn Yakub tinggalé cedhak karo dhèwèké. Yusuf nyedhiakké omah, panganan, lan ngurus bapaké.​—Purwaning Dumadi 45:9-11; 47:11, 12.

  •   Rut gelem mèlu ibu mertuané lan kerja keras bèn isa ngurusi ibu mertuané.​—Rut 1:16; 2:2, 17, 18, 23.

  •   Sakdurungé mati, Yésus ngatur bèn ana sing ngurus ibuné. Kayané wektu kuwi ibuné Yésus wis dadi randha.​—Yohanes 19:26, 27. a

 Naséhat ing Alkitab soal carané ngrawat wong tuwa

 Ngurus wong tuwa sing wis lansia kuwi mémang ora gampang, tapi ing Alkitab ana ayat-ayat sing isa mbantu awaké dhéwé wektu ngurus wong tuwa.

  •   Ngajèni wong tuwa.

     Ayat: ”Kowé kudu ngajèni bapakmu lan ibumu.”​—Pangentasan 20:12.

     Carané: Awaké dhéwé aja meksa wong tuwa bèn manut karo kepénginané awaké dhéwé. Awaké dhéwé kudu ngekèki wong tuwa kebébasan bèn milih dhéwé perawatan sing dipéngini. Tapi, awaké dhéwé kudu tetep mbantu wong tuwa sak isa-isané. Kuwi berarti awaké dhéwé ngajèni wong tuwa.

  •   Memahami perasaané wong tuwa lan gampang ngapura.

     Ayat: ”Pemahaman nggawé wong ora gampang nesu. Lan dhèwèké bakal diajèni nèk gelem ngapura kesalahan.”​—Wulang Bebasan 19:11.

     Carané: Nèk wong tuwa sing wis lansia kayané ora menghargai bantuané awaké dhéwé lan malah nesu-nesu, aja langsung tersinggung. Awaké dhéwé isa mbayangké piyé nèk awaké dhéwé sing ngalami situasi kaya ngono. Kuwi isa mbantu awaké dhéwé memahami perasaané wong tuwa lan gampang ngapura.

  •   Njaluk pendapat wong liya.

     Ayat: ”Rencana gagal nèk ora dirembug dhisik, ning kuwi isa berhasil nèk ana akèh sing mènèhi naséhat.”​—Wulang Bebasan 15:22.

     Carané: Awaké dhéwé isa nggolèk informasi soal piyé carané ngrawat wong tuwa sing nduwé masalah keséhatan. Awaké dhéwé ya isa nggolèk informasi program apa waé sing ana ing dhaérahé awaké dhéwé sing isa digunakké kanggo ngrawat wong tuwa. Cara liyané, awaké dhéwé isa takon karo wong liya sing wis tau ngrawat wong tuwa sing wis lansia. Awaké dhéwé ya isa mbahas bareng sak keluarga soal kebutuhané wong tuwa, carané ngrawat wong tuwa, lan pembagian tugas.

    Kabèh anggota keluarga perlu ngrembug bareng cara sing paling apik kanggo ngrawat wong tuwa

  •   Gelem njaluk bantuan.

     Ayat: ”Wong sing rendah hati kuwi wicaksana.”​—Wulang Bebasan 11:2.

     Carané: Wektu lan tenagané awaké dhéwé kuwi terbatas. Dadi, ora mungkin nèk awaké dhéwé sing ngurusi kabèh kebutuhané wong tuwa. Mula nèk ngrasa kewalahan, awaké dhéwé isa njaluk bantuan anggota keluarga liya utawa mungkin perawat.

  •   Njaga keséhatan.

     Ayat: ”Ora ana wong sing sengit karo badané dhéwé, ning badané mesthi dijaga lan diopèni.”—Éfésus 5:29.

     Carané: Meskipun kudu ngrawat wong tuwa, awaké dhéwé tetep kudu nyukupi kebutuhané awaké dhéwé lan keluargané awaké dhéwé. Awaké dhéwé kudu mangan panganan sing bergizi lan istirahat sing cukup. (Pengkhotbah 4:6) Hasilé, awaké dhéwé isa tetep séhat lan isa terus ngrawat wong tuwa.

 Apa menurut Alkitab wong tuwa kudu dirawat ing omah?

 Ing Alkitab ora ana petunjuk spésifik soal kuwi. Ana sing ngrawat wong tuwané ing omah, tapi akhiré meréka ngrasa nèk luwih apik wong tuwané dirawat ing panti jompo. Kabèh anggota keluarga perlu ngrembug bareng cara sing paling apik kanggo ngrawat wong tuwa.​—Galatia 6:4, 5.

a Ana pakar Alkitab sing ngomong, ”Wektu kuwi, Yusuf [bojoné Maria] kayané wis mati suwé, lan Yésus sing ngurusi Maria. Tapi saiki Yésus wis arep mati. Dadi sapa sing ngurusi Maria? . . . Yésus ngekèki conto nèk anak kudu gelem ngurusi wong tuwané sing wis lansia.”​—The NIV Matthew Henry Commentary in One Volume, halaman 428-429.