Langsung mlebu

Nabi Danièl Kuwi Sapa?

Nabi Danièl Kuwi Sapa?

Jawaban ing Alkitab

 Nabi Danièl kuwi wong Yahudi sing urip 600 taun sakdurungé ana Yésus Kristus. Gusti Allah nggawé dhèwèké isa ngerti arti mimpi-mimpi, mènèhi dhèwèké wahyu soal masa depan, lan ngongkon dhèwèké nulis siji buku ing Alkitab.​—Danièl 1:17; 2:19.

Danièl kuwi sapa?

 Danièl kuwi saka Yéhuda. Ibukotané Yéhuda kuwi Yérusalèm, terus ing kono ya ana baité wong Yahudi. Taun 617 SM, Nébukhadnézar, raja Babilon, ngalahké Yérusalèm. Terus, ’wong-wong penting ing negara kuwi didadèkké tawanan ing Babilon’. (2 Para Raja 24:15; Danièl 1:1) Sing ditawan ya termasuk Danièl. Wektu kuwi dhèwèké isih remaja.

 Danièl karo cah-cah enom liyané (termasuk Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo) digawa ing istana Babilon bèn dilatih dadi pejabat. Meskipun dikon nglakoni sing salah, Danièl karo kanca-kancané tetep setya karo Yéhuwah. (Danièl 1:3-8) Bar telung taun dilatih, wong papat kuwi dadi pinter lan trampil, nganti akhiré dipuji karo Raja Nébukhadnézar. Jaréné, wong papat kuwi ”ping sepuluh luwih apik timbang kabèh ahli ilmu gaib lan para peramal ing kabèh wilayah kerajaan kuwi”. Akhiré, Danièl karo kanca-kancané dikon nglayani ing istana.​—Danièl 1:18-20.

 Wektu umur 90-an, Danièl diundang ing istana. Raja Bèlsyazar, sing wektu kuwi mréntah ing Babilon, ngongkon Danièl njelaské artiné tulisan sing tiba-tiba muncul ing témbok. Merga dibantu Gusti Allah, Danièl isa ngerti artiné. Danièl ngomong nèk Babilon bakal dikalahké karo Kerajaan Média-Pèrsia. Kata-katané Danièl kelakon tenan bengi kuwi.​—Danièl 5:1, 13-31.

 Bar kuwi, Danièl didadèkké pejabat tinggi ing Kerajaan Média-Pèrsia. Terus, Raja Darius ya péngin ngekèki Danièl jabatan sing luwih dhuwur. (Danièl 6:1-3) Pejabat liyané dadi iri, terus meréka nggawé siasat bèn Danièl dilebokké ing guwa singa. Tapi, Yéhuwah nylametké Danièl. (Danièl 6:4-23) Pas Danièl wis tuwa banget, ana malaékat sing nemoni dhèwèké, terus ping loro ngomong nèk Danièl kuwi ”wong sing bener-bener disayangi” karo Gusti Allah.​—Danièl 10:11, 19.

 Deloken kisahé Danièl ing vidéo Danièl—Terus Nduduhké Iman bagéan I karo II.