Langsung mlebu

Apa Pandhangané Alkitab soal Kumpul Kebo?

Apa Pandhangané Alkitab soal Kumpul Kebo?

Jawabané Alkitab

Alkitab ngomong nèk Gusti Allah péngin bèn wong-wong ”nyingkir saka hubungan sèks sing ora sah”. (1 Tésalonika 4:3) Ing Alkitab, istilah ”hubungan sèks sing ora sah” kuwi klebu selingkuh, homosèks, lan hubungan sèks antarané wong lanang lan wong wédok sing durung nikah.

 Kenapa Gusti Allah péngin wong lanang lan wong wédok sing pacaran nikah dhisik sakdurungé manggon bareng?

  • Urip bebojoan kuwi asalé saka Gusti Allah. Gusti Allah sing ndadèkké siji pasangan manungsa pertama. (Purwaning Dumadi 2:22-24) Gusti Allah péngin wong lanang lan wong wédok nikah dhisik sakdurungé manggon bareng.

  • Gusti Allah ngerti sing paling apik kanggo manungsa. Gusti Allah péngin bèn urip bebojoan kuwi langgeng lan manfaaté isa dirasakké kabèh anggota keluarga. Gatèkna perumpamaan iki. Kaya petunjuk sing bener saka pabrik kanggo ngrakit bagéan-bagéan perabot, Gusti Allah ya ngandhani awaké dhéwé soal piyé carané bèn nduwé keluarga sing bahagia. Nèk awaké dhéwé ngetrapké pathokan-pathokané Gusti Allah, awaké dhéwé mesthi éntuk akèh manfaat.​—Yésaya 48:17, 18.

    Kaya petunjuk sing bener saka pabrik kanggo ngrakit bagéan-bagéan perabot, Gusti Allah ya ngandhani awaké dhéwé soal piyé carané bèn nduwé keluarga sing bahagia

  • Nindakké hubungan sèks sakdurungé nikah kuwi bahaya. Njenengan isa waé meteng, kena penyakit kelamin, lan émosiné dadi ora stabil. a

  • Gusti Allah mènèhi kesanggupan kanggo wong lanang lan wong wédok isa nduwé keturunan liwat hubungan sèks. Gusti Allah nganggep urip kuwi berharga. Mula, kesanggupan kanggo nduwé keturunan kuwi ya berharga. Gusti Allah péngin awaké dhéwé nduwé pandhangan sing padha soal kuwi. Awaké dhéwé isa nduduhké kuwi nèk awaké dhéwé manut karo pengaturané Yéhuwah soal urip bebojoan.​—Ibrani 13:4.

 Piyé nèk ana pasangan sing manggon sak omah sakdurungé nikah bèn isa ngerti cocog apa ora?

Bèn urip bebojoan isa bahagia, sakjané ora perlu nindakké kaya ngono. Urip bebojoan isa tambah bahagia nèk pasangan kuwi nduwé komitmen lan ora nyerah wektu ana masalah. b Urip bebojoan nggawé komitmen dadi luwih kuwat.​—Matius 19:6.

 Piyé carané bèn urip bebojoan isa langgeng?

Ora ana urip bebojoan sing sampurna. Ning, urip bebojoan isa bahagia nèk manut pathokané Alkitab. Contoné: