Langsung mlebu

Wong Sugih karo Lazarus Kuwi Sakjané Sapa?

Wong Sugih karo Lazarus Kuwi Sakjané Sapa?

Jawaban ing Alkitab

 Wong loro kuwi tokoh sing tau diceritakké Yésus. (Lukas 16:19-31) Wong sugih nggambarké pemimpin agama Yahudi sing sombong wektu jamané Yésus lan Lazarus nggambarké wong biasa sing gelem manut karo Yésus.

Ing artikel iki bakal dibahas:

 Piyé ceritané?

 Ing Lukas bab 16, Yésus nyritakké nèk keadaané wong loro kuwi berubah.

 Yésus cerita nèk ana wong sugih sing uripé méwah banget. Terus, pengemis sing jenengé Lazarus kerep lungguh ing ngarep gerbangé wong sugih kuwi. Dhèwèké péngin banget mangan sisa panganan sing tiba saka méjané wong sugih kuwi. Terus Lazarus mati, lan para malaékat nggawa dhèwèké ing sisihé Abraham. Bar kuwi, wong sugih kuwi ya mati lan dikubur. Ing cerita iki, wong loro kuwi tetep urip sakwisé mati. Wong sugih kuwi sengsara banget ing geni sing murub. Dhèwèké njaluk tulung Abraham ngongkon Lazarus nyelupké pucuk drijiné ing banyu lan nètèské banyu kuwi ing ilaté. Abraham ora gelem mbantu wong sugih kuwi. Dhèwèké ngomong nèk keadaané wong loro kuwi wis berubah, kaya-kayané ana jurang sing gedhé ing antarané wong loro kuwi.

 Apa iki kisah nyata?

 Ora. Kuwi mung gambaran sing digunakké Yésus wektu mulang. Para peneliti ya setuju nèk iki mung gambaran. Misalé, ing subjudhul Kitab Suci mawi Basa Jawi Resmi-LAI disebutké nèk iki mung pasemon utawa gambaran. Terus, ing cathetan ngisor Alkitab Katolik The Jerusalem Bible ya disebutké nèk ”cerita iki mung gambaran dudu kisah nyata”.

 Apa Yésus mulang nèk wong sing wis mati arwahé isih gentayangan? Apa wong sing wis mati bakal disiksa ing neraka? Apa Abraham karo Lazarus ana ing swarga? Ora.

 Buktiné:

  •   Nèk wong sugih kuwi ing neraka, mesthi banyu ing drijiné Lazarus menguap.

  •   Meskipun ora menguap, apa iya banyu sak tètès isa marahi seger padahal dhèwèké ana ing neraka?

  •   Wektu ing bumi, Yésus ngomong nèk durung ana wong sing tau munggah swarga. Dadi, ora mungkin Abraham bener-bener ana ing swarga.​—Yohanes 3:13.

 Apa kuwi berarti wong mati disiksa ing neraka?

 Ora. Tapi, ana wong-wong sing percaya nèk wong sing apik bakal munggah swarga lan wong sing jahat bakal disiksa ing neraka. a

 Apa kuwi bener? Ora.

 Ing Alkitab ora tau disebutké nèk wong sing apik bakal urip seneng ing swarga lan wong sing jahat bakal disiksa ing neraka. Tapi ing Alkitab disebutké nèk ”wong sing urip ngerti nèk bakal mati, tapi wong mati ora ngerti apa-apa”.​—Pengkhotbah 9:5.

 Apa artiné cerita kuwi?

 Wong sing sugih lan Lazarus kuwi maksudé sapa?

 Wong sugih kuwi nggambarké pemimpin agama Yahudi sing ”mentingké dhuwit”. (Lukas 16:14) Meréka ora gelem manut ajarané Yésus lan seneng ngrèmèhké wong liya.​—Yohanes 7:49.

 Lazarus nggambarké wong biasa sing gelem manut ajarané Yésus. Meréka kerep dirèmèhké karo pemimpin agama Yahudi.

 Apa sing kelakon?

  •   Pemimpin agama Yahudi mikir nèk meréka wis nyenengké Gusti Allah. Tapi Gusti Allah ora seneng merga meréka ora manut karo ajarané Yésus. Meréka dadi sengsara banget merga Yésus ngomong nèk meréka bakal dihukum.​—Matius 23:29, 30; Kisah 5:29-33.

  •   Wong biasa kuwi mauné dirèmèhké karo pemimpin agama Yahudi. Tapi merga gelem manut karo ajarané Yésus, meréka isa nyenengké Gusti Allah.​—Yohanes 17:3.

a Ing beberapa terjemahan Alkitab disebutké nèk wong sing sugih iki ana ing neraka. Tapi ing basa Yunani, kata ”Hadès” ing Lukas 16:23 artiné kuburan.