Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

A4

Jenengé Gusti Allah ing Kitab-Kitab Ibrani

Jenengé Gusti Allah ing huruf Ibrani kuna sing digunakké sakdurungé bangsa Israèl ditawan ing Babilon

Jenengé Gusti Allah ing huruf Ibrani kuna sing digunakké sakwisé bangsa Israèl dibébaské saka Babilon

Jenengé Gusti Allah ditulis nganggo papat huruf mati Ibrani, yaiku יהוה. Kuwi ditulis mèh ping 7.000 ing Kitab-Kitab Ibrani (Purwaning Dumadi nganti Maléakhi). Papat huruf Ibrani kuwi disebut Tetragramaton, sing diterjemahké dadi ”Yéhuwah”. Ing Alkitab ana akèh jeneng sing ditulis, ning sing paling kerep ditulis kuwi jenengé Gusti Allah. Senajan sing nulis Alkitab nyebut Gusti Allah nganggo sebutan ”Mahakuwasa”, ”Mahaluhur”, lan ”Gusti”, jenengé Gusti Allah tetep ditulis nganggo Tetragramaton.

Yéhuwah dhéwé sing nuntun wong-wong sing nulis Alkitab bèn nulis jenengé Yéhuwah. Contoné, Yéhuwah ngongkon nabi Yoèl nulis, ”Wong sing nyebut jeneng Yéhuwah bakal dislametké.” (Yoèl 2:32) Wong sing nulis Mazmur dikongkon nulis ngéné, ”Muga-muga wong-wong ngerti nèk mung Njenengan sing Mahaluhur ing bumi, sing jenengé Yéhuwah.” (Mazmur 83:18) Jenengé Gusti Allah ditulis kira-kira ping 700 ing buku Mazmur. Buku kuwi bentuké puisi sing dinyanyèkké lan diwaca umaté Gusti Allah. Ngapa kok akèh terjemahan Alkitab ngilangi jenengé Gusti Allah? Ngapa kok Alkitab terjemahan iki nggunakké jenengé Gusti Allah sing pengucapané ”Yéhuwah”? Apa artiné jenengé Yéhuwah?

Cuplikan saka Mazmur ing Gulungan Laut Mati sing digawé ing abad pertama M. Kuwi ditulis nganggo huruf Ibrani sing umum digunakké sakwisé bangsa Israèl ditawan ing Babilon. Ning, Tetragramaton ditulis ping bola-bali nganggo huruf Ibrani kuna sing digunakké sakdurungé bangsa Israèl dibébaské saka Babilon

Ngapa kok akèh terjemahan Alkitab ngilangi jenengé Gusti Allah? Alesané akèh. Ana sing mikir nèk Gusti Allah sing Mahakuwasa ora perlu nduwé jeneng. Sing liyané dipengaruhi kebiasaané wong Yahudi sing wedi salah nyebut jeneng kuwi. Ana manèh sing kandha nèk jeneng kuwi mendhing diganti nganggo sebutan ”Gusti” utawa ”Gusti Allah” merga ora ngerti persisé cara ngucapké jenengé Gusti Allah. Alesan-alesan mau ora mutu merga:

  • Wong sing kandha nèk Gusti Allah sing Mahakuwasa ora perlu nduwé jeneng sakjané ora mikirké bukti nèk jenengé Gusti Allah ditulis ing tulisan-tulisan kuna, termasuk sing ditulis sakdurungé Yésus ing bumi. Kaya sing wis dibahas mau, Gusti Allah dhéwé sing nuntun bèn jenengé ditulis ing Alkitab nganti kira-kira ping 7.000. Dadi, jelas banget nèk Gusti Allah péngin manungsa ngerti lan nggunakké jenengé.

  • Para penerjemah Alkitab sing ngilangi jenengé Gusti Allah merga ngajèni tradhisiné wong Yahudi ora ngerti keterangan sing penting iki: Senajan ora gelem nyebut jenengé Gusti Allah, para penulis Yahudi tetep nulis jeneng kuwi ing Alkitab. Ing gulungan-gulungan kuna sing ditemokké ing Qumran, cedhaké Laut Mati, jenengé Gusti Allah ditulis ping akèh banget. Ana penerjemah sing ngganti jenengé Gusti Allah dadi sebutan ”TUHAN” nganggo huruf gedhé. Sakjané kuwi malah nduduhké nèk jenengé Gusti Allah pancèn ana ing tulisan asliné. Ning, ngapa kok para penerjemah kuwi sak karepé dhéwé ngganti utawa ngilangi jenengé Gusti Allah saka Alkitab, senajan ngerti nèk kuwi ana ing tulisan asliné? Apa wong-wong kuwi rumangsa nduwé hak kanggo ngganti utawa ngilangi jenengé Gusti Allah? Mung wong-wong kuwi sing isa njawab.

  • Wong sing ngomong nèk jenengé Gusti Allah ora perlu digunakké merga ora ngerti carané ngucapké jeneng kuwi tetep nggunakké jenengé Yésus, padahal carané para muridé Yésus mbiyèn ngucapké jenengé Yésus ora padha kaya wong-wong Kristen saiki. Wong Yahudi sing dadi muridé Yésus mungkin nyebut jenengé Yésus kuwi Yesyua, lan nyebut ”Kristus” kuwi Masyiakh, utawa ”Mésias”. Wong Kristen sing nganggo basa Yunani ngundang dhèwèké Iesous Khristos, lan wong Kristen sing nganggo basa Latin ngundang dhèwèké Iesus Christus. Merga penulis Alkitab dituntun karo roh suciné Gusti Allah, jenengé Yésus ing basa Yunani ditulis ing Alkitab. Kuwi nduduhké nèk wong Kristen ing jamané Yésus ngucapké jenengé wong sesuai karo pengucapan sing umum ing basané. Dadi, Panitia Penerjemahan Alkitab Donya Anyar mikir nèk jenengé ”Yéhuwah” ya isa digunakké, senajan ora ngerti persis carané ngucapké jeneng kuwi ing basa Ibrani kuna.

Ngapa kok Alkitab Terjemahan Donya Anyar nggunakké jenengé Gusti Allah sing pengucapané ”Yéhuwah”? Papat huruf Tetragramaton (יהוה) ditulis nganggo huruf mati, yaiku YHWH. Kaya ing kabèh tulisan Ibrani kuna, ora ana huruf hidup ing Tetragramaton. Wektu basa Ibrani kuna dienggo saben dina, wong sing maca langsung mènèhi huruf hidup sing cocog.

Kira-kira sèwu taun sakwisé Kitab-Kitab Ibrani rampung ditulis, para ahli basa Yahudi nggawé tandha sing nduduhké huruf hidup apa sing kudu dienggo wektu maca tulisan basa Ibrani. Wektu kuwi, wong Yahudi sing percaya takhayul mikir nèk wong-wong ora éntuk nyebut jenengé Gusti Allah. Mula, jeneng kuwi diganti karo sebutan liyané. Kayané wektu nulis Tetragramaton, wong-wong kuwi nggabungké papat huruf mati mau karo huruf hidup saka istilah pengganti. Mula, naskah kuwi ora nduduhké piyé asliné jenengé Gusti Allah diucapké ing basa Ibrani. Ana sing mikir nèk carané ngucapké jenengé Gusti Allah kuwi ”Yahweh”, ning sing liyané béda manèh. Ing kitab Kaimaman sing ditemokké ing Gulungan Laut Mati, sing nganggo basa Yunani, jeneng kuwi diterjemahké dadi Iao. Ana sing kandha nèk carané ngucapké yaiku Iae, Iabe, lan Iaoue. Ning, awaké dhéwé ora isa nentokké sing endi sing bener. Awaké dhéwé ora ngerti carané para abdiné Gusti Allah ngucapké jeneng kuwi ing basa Ibrani. (Purwaning Dumadi 13:4; Pangentasan 3:15) Sing penting awaké dhéwé ngerti nèk Gusti Allah ping bola-bali nggunakké jenengé wektu ngomong karo umaté. Umaté ngundang Gusti Allah nganggo jeneng kuwi lan nggunakké jeneng kuwi wektu omong-omongan karo wong liya.​—Pangentasan 6:2; 1 Para Raja 8:23; Mazmur 99:9.

Ngapa kok Alkitab terjemahan iki nggunakké jenengé Gusti Allah sing pengucapané ”Yéhuwah”? Merga jeneng kuwi wis suwé digunakké ing akèh basa, termasuk ing basa Jawa.

Jenengé Gusti Allah ing Purwaning Dumadi 15:2, ing terjemahan Pentateukh William Tyndale taun 1530

Contoné, ing Alkitab basa Jawa terjemahan Pieter Jansz èdhisi révisi sing diterbitke taun 1849, jeneng ”Yéhuwah” ana ing bagéan sing disebut Perjanjian Lawas. Ing Kitab Suci mawi Basa Jawi Resmi sing diterbitké Lembaga Alkitab Indonesia taun 1981, jeneng “Yéhuwah” ya digunakké ing Perjanjian Lawas. Alkitab kuwi sing paling umum digunakké wong-wong sing nggunakké basa Jawa. Ing Kitab Suci mawi Basa Jawi Padintenan, jeneng ”Yéhuwah” ana ing limang ayat, yaiku ing Kaimaman 19:36, 1 Samuèl 2:2, 1 Para Raja 13:2, lan ing 2 Para Raja 18:30; 24:4. Lagu-lagu basa Jawa sing dinyanyèkké ing gréja ya ana sing nggunakké jeneng ”Yéhuwah”, contoné ing Kidung Pasamuwan Jawi.

Jenengé Gusti Allah ing Alkitab basa Inggris pertama kali ana ing Pentateukh terjemahané William Tyndale taun 1530. Dhèwèké nggunakké ”Iehouah”. Tapi, suwé-suwé basa Inggris berubah, lan pengucapan jenengé Gusti Allah ya diubah. Misalé, ing taun 1612, Henry Ainsworth nggunakké ”Iehovah” wektu dhèwèké nerjemahké buku Mazmur. Terus, ing taun 1639, wektu terjemahané kuwi dirévisi lan dicétak bareng karo Pentateukh, pengucapan jenengé Gusti Allah diubah dadi ”Jehovah”. Ing taun 1901, para penerjemah sing nggawé Alkitab American Standard Version nggunakké ”Jehovah” wektu nulis jenengé Gusti Allah sing ana ing naskah Ibrani.

Tetragramaton, YHWH: ”Sing Nyebabké Dadi”

Kata kerja HWH: ”dadi”

Apa artiné jenengé Yéhuwah? Ing basa Ibrani, jenengé Yéhuwah asalé saka kata kerja sing artiné ”dadi”, lan akèh ahli ngrasa nèk jenengé Gusti Allah kuwi kata kerja bentuk kausatif. Mula, Panitia Penerjemahan Alkitab Donya Anyar nduwé pemahaman nèk jenengé Gusti Allah artiné ”Sing Nyebabké Dadi”. Para ahli nduwé pendapat sing béda-béda, mula awaké dhéwé ora isa nentokké arti sing saktenané. Ning, arti kuwi cocog kanggo Yéhuwah merga Yéhuwah kuwi sing nyiptakké apa waé lan mesthi isa nggawé tujuané kelakon. Dhèwèké ora mung nyebabké alam semesta, manungsa, lan malaékat dadi ana, tapi Dhèwèké ya terus nyebabké tujuané lan apa sing dikarepké kelakon.

Dadi, artiné jenengé Yéhuwah ora mung kaya sing dijelaské ing Pangentasan 3:14, sing kandha, ”Aku Bakal Dadi Apa Waé sing Tak Péngini.” Kata-kata kuwi ora cukup kanggo nerangké jenengé Gusti Allah sing saktenané. Kuwi mung isa nduduhké siji sipaté Gusti Allah, yaiku ing keadaan apa waé, Yéhuwah isa dadi apa waé sing dibutuhké bèn tujuané kelakon. Ning, artiné jenengé Yéhuwah ora mung kuwi thok. Jeneng kuwi ya nerangké nèk Yéhuwah isa nyebabké kabèh ciptaané dadi apa waé sing dibutuhké bèn tujuané Yéhuwah kelakon.