Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 23

Janjiné Bangsa Israèl

Janjiné Bangsa Israèl

Kira-kira rong sasi sakwisé lunga saka Mesir, bangsa Israèl tekan ing Gunung Sinai lan kémah ing kono. Musa dikon munggah gunung. Ing gunung, Yéhuwah ngomong, ’Aku wis nylametké bangsa Israèl. Nèk tetep manut, bangsa kuwi bakal dadi umatku sing istiméwa.’ Bar kuwi, Musa mudhun saka gunung. Terus, Musa ngandhani bangsa Israèl soal omongané Yéhuwah. Piyé tanggepané bangsa Israèl? Bangsa Israèl ngomong, ’Aku bakal manut kabèh prentahé Yéhuwah.’

Musa munggah gunung manèh. Ing kono, Yéhuwah ngomong, ’Rong dina manèh, aku bakal ngomong karo kowé. Aja nganti ana sing mèlu munggah ing Gunung Sinai.’ Terus, Musa mudhun saka gunung. Musa ngongkon bangsa Israèl siap-siap ngrungokké omongané Yéhuwah.

Rong dina bar kuwi, langit ing ndhuwuré gunung kuwi dadi peteng lan ana kilat. Bangsa Israèl ya krungu swara bledhèg lan trompèt. Terus, Yéhuwah mudhun ing gunung nganggo wujud geni. Wong Israèl padha ndredheg merga wedi. Bar kuwi, gunungé ketutupan asap lan ana gempa. Swarané trompèt dadi saya banter. Terus, Yéhuwah ngomong, ’Aku Yéhuwah. Kowé ora éntuk nyembah sing liyané.’

Musa munggah ing gunung manèh. Terus, Yéhuwah mènèhi hukum kanggo bangsa Israèl. Hukum kuwi nyebutké soal carané ngibadah lan carané tumindak. Musa nulis hukum kuwi, terus macakké hukum kuwi kanggo bangsa Israèl. Bar kuwi, bangsa Israèl janji karo Yéhuwah. Bangsa Israèl ngomong, ’Aku bakal manut kabèh prentahé Yéhuwah.’ Apa janji kuwi bakal ditepati?

”Tresnaa marang Yéhuwah Gusti Allahmu sakwutuhé atimu, sakwutuhé nyawamu, lan sakwutuhé pikiranmu.”​—Matius 22:37