Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

DITRAPKÉ WEKTU NGINJIL | TAMBAH BAHAGIA WEKTU NGINJIL

Bantunen sing Sinau Alkitab Mandheg saka Kebiasaan sing Salah

Bantunen sing Sinau Alkitab Mandheg saka Kebiasaan sing Salah

Sing isa cedhak karo Yéhuwah mung wong sing bener. (1Ptr 1:14-16) Nèk isa mandheg saka kebiasaan sing salah, sing sinau Alkitab isa luwih séhat, ngirit, lan keluargané ya seneng.

Jelasna pathokané Yéhuwah, ngapa kok kudu manut, lan apa manfaaté nèk manut. Bèn isa nyenengké Yéhuwah, sing sinau kudu dibantu bèn ngerti apa sing disenengi lan disengiti Yéhuwah. (Éf 4:22-24) Kandhanana nèk dhèwèké isa mandheg saka kebiasaan sing salah nèk dibantu Yéhuwah. (Flp 4:13) Pas péngin nglakoni sing salah, dhèwèké dikon langsung ndonga lan nglakoni kegiatan sing luwih bermanfaat. Bantunen bèn dhèwèké ngerti apa waé sing isa marahi dhèwèké péngin nglakoni sing salah. Njenengan mesthi seneng nèk sing sinau isa berubah lan nyenengké Yéhuwah.

DELOKEN VIDÉO MBANTU WONG SING SINAU ALKITAB KANGGO MANDHEG NINDAKKÉ KEBIASAAN SING SALAH, TERUS JAWABEN PERTANYAAN-PERTANYAAN IKI:

  • Pas ngerti nèk Sari nduwé kebiasaan sing salah, Nita karo para pinituwa piyé?

  • Piyé carané Nita mbantu Sari?

  • Bèn isa berubah Sari ngapa?