Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

CARANÉ SUMBANGANÉ NJENENGAN DIGUNAKKÉ

Kothak Cilik sing Mbantu Wong-Wong Nduwé Iman sing Kuwat

Kothak Cilik sing Mbantu Wong-Wong Nduwé Iman sing Kuwat

1 SEPTEMBER 2020

 Saiki, Seksi-Seksi Yéhuwah nampa luwih akèh wacan-wacan Alkitab vèrsi èlèktronik lan vidéo saka organisasi. Tapi, ing akèh dhaérah, ana sedulur-sedulur sing ora isa terhubung Internèt. Para sedulur sing liyané manggon ing dhaérah sing Internèté èlèk utawa babar blas ora ana Internèté.

 Ning, saiki ana sedulur-sedulur sing isa download wacan-wacan Alkitab vèrsi èlèktronik lan vidéo tanpa sambungan Internèt. Piyé carané?

 Organisasi nyedhiakké alat sing ukurané cilik kanggo jemaat-jemaat sing Internèté terbatas. Alat kuwi jenengé JW Box. JW Box kuwi isiné router lan software sing dirancang karo Departemèn Komputer ing Bètel. Ing JW Box, ya ana wacan-wacan Alkitab vèrsi èlèktronik lan vidéo saka jw.org. Regané alat iki kira-kira 1,1 juta rupiah.

 Ing Balé Ibadah, sedulur-sedulur nggunakké HP utawa tablèt kanggo nyambung ing JW Box liwat wifi. Bar kuwi, para sedulur isa download wacan-wacan Alkitab vèrsi èlèktronik lan vidéo. Senajan perangkaté lawas utawa murah, para sedulur tetep isa nyambung ing JW Box. Piyé nèk jemaat péngin éntuk wacan-wacan Alkitab vèrsi èlèktronik lan vidéo sing paling anyar, ning ora nduwé Internèt? Kantor cabang ngirimi USB sing isiné wacan-wacan Alkitab vèrsi èlèktronik lan vidéo sing paling anyar. Regané USB kira-kira 60 èwu rupiah.

 Apa manfaaté JW Box kanggo para sedulur? Sedulur Nathan Adruandra sing manggon ing Republik Demokratik Kongo kandha, ”Aku tau nyoba download drama ’Dhuh Yéhuwah, . . . Aku Percaya Panjenengan’ lan Élinga Bojoné Lot. Ning ora tau berhasil. Kuwi nggawé aku jèngkèl. Ning saiki, aku isa download drama kuwi ing HP-ku lan drama kuwi isa tak gunakké kanggo mulang anak-anakku.”

 Sedulur sing mbantu jemaat-jemaat ing Nigeria kanggo nggunakké JW Box kandha, ”Para sedulur nganggep nèk JW Box kuwi hadiah sing istiméwa saka Yéhuwah. Para sedulur seneng merga saiki isa luwih gampang download wacan-wacan Alkitab lan vidéo Alat-Alat kanggo Mulang.”

 Luwih saka 1.700 JW Box wis dikirim kanggo para sedulur ing Afrika, Oseania, lan Amerika Selatan, lan organisasi wis nggawé rencana arep ngirim alat iki ing luwih akèh jemaat. Pengaturan iki isa kelakon merga sumbangan kanggo ndhukung gawéan sak donya sing diwènèhké liwat situs donate.dan124.com. Maturnuwun kanggo sumbangané njenengan sing berharga banget.