Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Saran kanggo Wong Lanang Bèn Ora Strès

Saran kanggo Wong Lanang Bèn Ora Strès

 Wong sing strès a kuwi biasané wedi banget nganti ora isa ngapa-ngapa, males tangi, lan terus-terusan ngomongké sing dikuwatirké.

 Tapi menurut para peneliti, sakjané ora kabèh kaya ngono, khususé wong lanang. Ana laporan, ”Nèk lagi strès, biasané wong lanang ngombé-ngombé lan malah ana sing nganggo narkoba. Dadi, nèk wong lanang kecanduan alkohol, mungkin merga dhèwèké lagi strès. Terus, meréka ya dadi gampang nesu.”

 Mémang, ora kabèh wong lanang kaya ngono. Tapi merga ”ing akhir jaman, keadaané bakal angèl diadhepi”, tambah akèh wong sing strès. (2 Timotius 3:1) Nèk njenengan lagi strès, ing Alkitab ana saran-saran sing apik sing isa mbantu njenengan.

Saran-Saran ing Alkitab

 Ing Alkitab ana akèh saran sing isa mbantu njenengan ora strès manèh. Gatèkna ayat-ayat iki:

  1.  1. ”Aja nganti kuwatir soal dina sésuk, merga sésuk ana kekuwatirané dhéwé. Saben dina ana masalahé dhéwé-dhéwé.”​—Matius 6:34.

     Artiné: Aja terlalu nguwatirké apa sing durung kelakon. Seringé, sing dikuwatirké malah ora kelakon. Kadhang-kadhang situasiné malah isa luwih apik.

     Saran: Coba pikirna, apa njenengan tau terlalu kuwatir padahal akhiré kuwi ora kelakon? Terus, coba pikirna masalah sing lagi dipikirké saiki, kira-kira apa masalahé bener-bener gedhé banget.

  2.  2. ”Wong sing mbantu kancané dadi luwih apik kuwi kaya wesi sing nglandhepké wesi.”​—Wulang Bebasan 27:17.

     Artiné: Awaké dhéwé isa njaluk bantuané wong liya. Wong liya mungkin wis tau kaya awaké dhéwé, dadi isa ngekèki saran. Kadhang-kadhang, wong liya sing isa ngerti solusiné.

     Saran: Njaluk saran karo wong liya sing wis tau ngalami masalah sing padha kaya awaké dhéwé.

  3.  3. ”Kowé kudu masrahké kabèh rasa kuwatirmu marang Gusti Allah merga Dhèwèké perduli karo kowé.”​—1 Pétrus 5:7.

     Artiné: Gusti Allah perduli karo wong-wong sing lagi susah. Dhèwèké péngin awaké dhéwé ndonga, nyritakké kabèh masalahé awaké dhéwé.

     Saran: Tulisen apa waé sing lagi njenengan kuwatirké. Terus, njenengan isa ndongakké soal kuwi.

Ora Bakal Ana sing Ngrasa Strès Manèh

 Ing Alkitab ora mung ana saran-saran bèn awaké dhéwé ora strès. Tapi, ya ana janji nèk mengko ora bakal ana sing ngrasa strès. Kok isa?

 Kerajaané Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh sing isa nggawé awaké dhéwé strès. (Wahyu 21:4) Malah, awaké dhéwé ora bakal kèlingan masalah sing nggawé awaké dhéwé kuwatir lan strès.​—Yésaya 65:17.

 Kuwi janjiné ”Gusti Allah sing nggawé [awaké dhéwé] ayem”. (Roma 16:20) Gusti Allah ngomong, ”Aku ngerti tenan apa sing péngin Tak tindakké marang kowé. Aku péngin mènèhi kowé kedamaian, dudu bencana, bèn kowé isa nduwé masa depan lan harapan.”​—Yérémia 29:11.

a Sing dimaksud strès ing artikel iki strès merga ngadhepi masalah. Kuwi dudu penyakit kaya gangguan méntal, merga nèk kaya ngono kudu lunga dokter.​—Lukas 5:31.