Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Gunané Cap ing Jaman Mbiyèn?

Apa Gunané Cap ing Jaman Mbiyèn?

 Cap kuwi bentuké cilik lan digunakké kanggo nggawé tulisan utawa gambar ing tanah liat utawa lilin. Bentuké cap ya isa béda-béda. Ana sing kerucut, kothak, silinder, lan ana sing kaya ndhasé kéwan. Tandha sing dihasilké cap kuwi isa nduduhké sapa sing nduwé lan nduduhké nèk dokumèné kuwi sah. Cap ya isa digunakké kanggo mènèhi sègel, misalé ing pintu masuk kuburan bèn ora ana sing isa mlebu.

Cap sing bentuké silinder sing ana gambar Raja Darius I sing lagi berburu. Ing sebelahé kuwi hasil capé ing tanah liat

 Cap biasané digawé saka balung, batu kapur, logam, watu berharga, utawa kayu. Kadhang, jeneng lan gelar sing nduwé lan jenengé bapaké ditulis ing cap kuwi.

 Bèn dokumèné isa sah, sing nduwé cap bakal ngecapké kuwi ing tanah liat, lilin, utawa bahan liyané sing ana ing dokumèn kuwi. (Ayub 38:14) Tanah liat, lilin, utawa bahan liyané kuwi bakal dadi atos. Kuwi sing nggawé wong-wong dadi ora wani mbukak utawa ngganti isi dokumèn kuwi.

Cap Isa Digunakké kanggo Mènèhi Kuwasa

 Sing nduwé cap isa nggunakké capé kanggo mènèhi kuwasa marang wong liya. Kuwi sing ditindakké Firaun kanggo Yusuf, anaké Yakub. Yusuf kuwi budhak ing Mesir. Dhèwèké tau dipenjara merga difitnah. Ning, akhiré Firaun mbébaské Yusuf lan nggawé dhèwèké dadi perdana menteri ing Mesir. Alkitab kandha, ”Sang Prabu Pringon tumuli nglolos sesupéné cap saka astané banjur dianggokaké ing drijiné Yusuf.” (Purwaning Dumadi 41:42) Cincin cap kuwi nggawé Yusuf dadi nduwé kuwasa kaya Firaun lan nggawé Yusuf isa nindakké tugas sing penting.

 Ratu Izebèl nggunakké capé bojoné yaiku Raja Ahab kanggo matèni Nabot. Ratu Izebèl nulis surat kanggo para pemimpin nganggo jenengé bojoné. Dhèwèké ngongkon wong-wong kuwi kanggo nudhuh nèk Nabot wis nyumpahi Gusti Allah. Dhèwèké nggunakké cap bojoné ing surat kuwi lan rencanané berhasil.​—1 Para Raja 21:5-14.

 Raja Ahaswéros saka Pèrsia nggunakké cincin capé kanggo ngesahké préntahé.—Èster 3:10, 12.

 Penulis Alkitab sing jenengé Néhémia kandha nèk para pemimpin ing Israèl, wong Lèwi, lan imam nggunakké cap kanggo ngesahké perjanjian.​—Néhémya 1:1; 9:38.

 Alkitab nyathet loro peristiwa soal cap sing digunakké kanggo mènèhi sègel ing pintu masuk. Sing pertama, wektu Nabi Danièl dilebokké ing lubang singa, ana ”watu kang kegawa mrono kanggo nutupi cangkeming luweng”. Terus, Raja Darius, sing nguwasani Média lan Pèrsia nyègel watu kuwi ”kalawan agemé sesupé-panyègelan lan kalawan sesupé-panyègelané para panggedhé, abdiné, supaya bab Sang Dhanièl iku ora ana owah-owahan apa-apa.”​—Dhanièl 6:18.

 Sing keloro, wektu mayaté Yésus dilebokké ing kuburan. Para mungsuhé ”nyègel watu tutuping pasaréan” bèn ora ana wong sing isa mlebu. (Matius 27:66, Basa Jawi Resmi) Komentator Alkitab sing jenengé David L. Turner kandha nèk sègel kuwi sègelé pamréntah, ”sègel kuwi mesthi digawé saka tanah liat utawa lilin sing ditèmpèlké ing antarané . . . watu lan pintu masuk kuburan”.

 Awaké dhéwé isa ngerti akèh soal jaman mbiyèn saka cap-cap sing wis ditemokké. Mula, para arkéolog lan ahli sejarah péngin nliti soal kuwi. Malah ilmu sigilografi yaiku ilmu soal cap, saiki dadi ilmu sing penting banget.