Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

TheCrimsonMonkey/E+ via Getty Images

Apa Keadaan Bumi Bakal Tambah Rusak?

Apa Keadaan Bumi Bakal Tambah Rusak?

 ”Merga perubahan iklim sing parah banget, kuwi marakké lingkungan dadi rusak lan nggawé wong-wong dadi strès. Perubahan iklim ya marakké ana badai sing parah, akibaté akèh omah rusak lan keadaané ing kono kacau. Terus, lauté ya tercemar lan rusak. Akibaté akèh makhluk hidup ing laut sing mati.”—Inger Andersen, Sekretaris-Jenderal-Bawahan PBB dan Direktur Eksekutif Program Lingkungan Hidup PBB, 25 Juli 2023.

 Apa pamréntah-pamréntah isa kerja sama kanggo ngrampungké masalah kuwi lan nggawé keadaané dadi tambah apik?

 Ing Alkitab disebutké nèk ana pamréntahan sing isa lan bakal ngatasi masalah lingkungan lan nggawé keadaan bumi dadi tambah apik. Menurut Alkitab, ”Gusti Allah sing nguwasani swarga bakal ngedegké kerajaan”, utawa pamréntahan sing isa ngatasi masalah ing sak donya. (Danièl 2:44) Pas Kerajaané Gusti Allah mréntah, ora bakal ana sing nyebabké wong liya cilaka utawa nggawé rusak bumi.—Yésaya 11:9.