Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

FPG/The Image Bank via Getty Images

KUDU TERUS JAGA-JAGA

Menurut Alkitab, Apa Perang Nuklir Bakal Marakké Armagédon?

Menurut Alkitab, Apa Perang Nuklir Bakal Marakké Armagédon?

 Tanggal 8 Oktober 2022, ana bom sing meledak ing jembatan antara Krimea karo Rusia. Terus rong dina bar kuwi, Rusia nyerang kutha-kutha ing Ukraina nganggo rudal. Ana pejabat-pejabat sing ngomong nèk iki bakalé dadi Armagédon utawa buminé hancur.

  •   ”Nèk nganggo senjata nuklir, mesthi mengko bakalé dadi Armagédon. . . . Nah terakhir kali ana kejadian ngéné pas jamané [Présidèn Amerika Serikat John F.] Kennedy pas Krisis Rudal Kuba.”​—Présidèn Amerika Serikat Joe Biden, 6 Oktober 2022.

  •   ”Iki Armagédon. Mengko kabèh negara bakal kena dampaké.”​—Pernyataané Présidèn Ukraina Volodymyr Zelensky, wektu ditakoni soal penggunaan senjata nuklir, BBC News, 8 Oktober 2022.

 Apa penggunaan senjata nuklir bakal marakké Armagédon? Menurut Alkitab piyé?

Apa penggunaan senjata nuklir bakal marakké Armagédon?

 Ora. Kata ”Armagédon” mung ditulis ping pisan ing Alkitab ing Wahyu 16:16. Kuwi maksudé perang antarané Gusti Allah lan ”raja-raja ing bumi”, dudu perang antar negara. (Wahyu 16:14) Pas Armagédon, Gusti Allah bakal nyingkirké pamréntahané manungsa.​—Danièl 2:44.

 Nèk péngin ngerti luwih akèh soal Armagédon, wacanen artikel Armagédon Kuwi Apa?

Apa bumi bakal hancur merga perang nuklir?

 Ora. Meskipun ana negara-negara sing nggunakké senjata nuklir, Gusti Allah janji nèk bumi ora bakal hancur. Ing Alkitab ditulis:

  •   ”Bumi tetep ana saklawasé.”​—Pengkhotbah 1:4.

  •   ”Wong sing bener bakal manggon ing bumi lan bakal manggon ing kono saklawasé.”​—Mazmur 37:29.

 Tapi mémang menurut Alkitab saiki wis akhir jaman. (Matius 24:3-7; 2 Timotius 3:1-5) Apa sing bakal kelakon sukmbèn? Jawabané ana ing Alkitab. Njenengan isa sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah.