Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Panjenengan Ngerti?

Apa Panjenengan Ngerti?

Piyé wong-wong ing jamané Alkitab isa ngerti kapan mulainé sasi lan taun sing anyar?

PAS jamané wong Israèl ing Tanah Perjanjian, awal taun kuwi dimulai pas wong-wong kuwi mulai mbajak lan nyebar benih. Nèk nurut kalènder jaman saiki, kuwi kira-kira pas sasi September/Oktober.

Pas kuwi, wong-wong nentokké kapan mulainé taun sing anyar berdasarkan perputaran bumi ngubengi matahari. Tapi kanggo nentokké kapan mulainé sasi sing anyar, kuwi berdasarkan perputaran bulan ngubengi bumi. Kuwi sebabé, saben sasi ana 29 utawa 30 dina. Nèk nggunakké étungan kuwi, jumlahé dina selama setaun dadi luwih sithik. Mula bèn ora ana selisih, kudu ditambahi beberapa hari utawa ditambahi sesasi pas taun-taun tertentu. Hasilé, taun sing anyar selalu dimulai pas wong-wong mulai mbajak lan berakhir pas akhir musim panèn.

Tapi pas jamané Musa, Gusti Allah ngomong nèk sasi pertama kuwi sasi Abib utawa Nisan. (Pa. 12:2; 13:4) Nèk nurut kalènder jaman saiki, kuwi kira-kira sasi Maret utawa April. Pas sasi Nisan kuwi, ana perayaan sing kudu dirayakké wong Israèl, lan wong Israèl ya kudu mènèhké hasil panèn barli pertama kanggo Yéhuwah.​—Pa. 23:15, 16.

Ana ahli sing kandha nèk nentokké taun endi sing kudu ditambahi sesasi kuwi gampang. Wong Israèl kudu ngrayakké Paskah pas tanggal 14 Nisan. Kuwi ya kudu pas bulan purnama pertama sakwisé ékuinoks musim semi. a Tapi pas akhir taun, nèk wong Yahudi ngerti nèk paskahé bakal kelakon sakdurungé ékuinoks, bakal ana sesasi sing ditambahké sakdurungé sasi Nisan. Dadi, paskahé bakal tetep dirayakké sakwisé ékuinoks.

Nah, Yésus kan matiné pas musim semi tanggal 14 Nisan. Dadi, Seksi Yéhuwah ya nggunakké cara sing padha kanggo nentokké tanggal Peringatan Kematiané Yésus. Terus nèk wis ngerti tanggalé, kuwi bakal diumumké ing kabèh jemaat Seksi-Seksi Yéhuwah sak donya. b

Tapi, piyé carané wong Israèl ngerti kapan mulainé sasi sing anyar? Nèk jaman saiki gampang. Awaké dhéwé isa ndelok tanggalan utawa kalènder ing HP. Tapi, jaman mbiyèn mesthiné ora isa kaya ngono, ta?

Pas jamané Nuh, jumlah dina selama sesasi kuwi mesthi padha, yaiku 30 dina. (PD. 7:11, 24; 8:3, 4) Dadi, wong-wong wektu kuwi mesthi ngerti kapan mulainé sasi sing anyar. Terus pas jamané wong Israèl, sasi sing anyar kuwi dimulai pas bulan anyar, yaiku pas bulan mulai kétok. Nah, jarak antara bulan anyar sing pertama karo bulan anyar berikuté kuwi kadhang isa 29 dina tapi ya isa 30 dina. Kuwi sebabé, jumlah dina selama sesasi kuwi ora mesthi 30.

Tapi pas jamané Daud, kétoké wong-wong wis isa ngerti sakdurungé kapan mulainé sasi sing anyar. Buktiné, Daud karo Yonatan tau ngomong, ”Sésuk kuwi perayaan bulan anyar.” (1 Sam. 20:5, 18) Tapi sakwisé wong Israèl dibébaské saka pembuangan ing Babilon, carané béda manèh. Awaké dhéwé isa ngerti soal kuwi saka Misnah, yaiku buku sing isiné kumpulan hukum lan tradhisiné wong Yahudi. Ing kono disebutké nèk Sanhèdrin, yaiku Mahkamah Agung Yahudi, rapat setaun ping pitu pas dina ke-30 kanggo nentokké kapan sasi sing anyar dimulai. Lha carané nentokké piyé?

Wektu kuwi, ana wong-wong sing ditugaské ing bukit-bukit ing sekitaré Yérusalèm kanggo ndelok langit pas bengi. Begitu ndelok bulan anyar, wong-wong kuwi kudu langsung ngandhani Sanhèdrin. Nèk yakin informasi kuwi pancèn bener, Sanhèdrin bakal ngumumké nèk sasi sing anyar dimulai dina kuwi. Tapi, piyé nèk pas kuwi ana awan utawa kabut sing marahi bulané ora kétok? Nèk ngono, Sanhèdrin bakal ngumumké nèk dina kuwi isih dina ke-30 sasi kuwi, lan sasi sing anyar bakal dimulai sésuk.

Kanggo ngumumké mulainé sasi sing anyar, Sanhèdrin bakal ngurubké geni ing puncak Gunung Zaitun cedhak Yérusalèm. Bar kuwi, ing bukit-bukit liyané, wong-wong ya bakal ngurubké geni bèn kabèh wong Israèl ngerti nèk sasi sing anyar wis dimulai. Tapi suwé-suwé, cara iki diganti nganggo cara liya. Sakwisé Sanhèdrin nggawé keputusan, ana wong-wong sing diutus kanggo ngandhani wong Israèl ing Yérusalèm lan dhaérah-dhaérah liyané nèk sasi sing anyar wis dimulai. Hasilé, kabèh wong Yahudi isa ngrayakké perayaan-perayaan ing dina sing padha.

Bèn isa ngerti soal sasi-sasi, perayaan-perayaan, lan musim-musim pas jamané wong Israèl mbiyèn, njenengan isa ndelok tabèl ing ngisor iki.

a Ékuinoks kuwi dina pas awan lan bengi suwéné padha.

b Deloken Menara Pengawal 15 Februari 1990 halaman 15.