Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 22

Terus Mlaku ing ”Dalan Suci”

Terus Mlaku ing ”Dalan Suci”

”Bakal ana dalan gedhé ing kono sing disebut Dalan Suci.”​—YÉS. 35:8.

LAGU 31 Manut karo Huwah Gusti

ISINÉ ARTIKEL IKI a

1-2. Wong Yahudi kudu nggawé keputusan apa? (Ézra 1:2-4)

 AKHIRÉ wong Yahudi sing wis ditawan ing Babilon selama 70 taun isa bali ing Israèl. (Wacanen Ézra 1:2-4.) Jelas nèk kuwi berkah saka Yéhuwah. Kok isa? Soalé wong Babilon ora tau mbébaské tawanané. (Yés. 14:4, 17) Tapi, Babilon wis dikalahké lan raja sing anyar ngongkon wong Yahudi bali ing Israèl. Saben wong, khususé kepala keluarga, kudu mutuské arep lunga saka Babilon utawa tetep manggon ing kono. Isa waé wong Yahudi bingung. Kenapa?

2 Wong Yahudi sing wis tuwa isa waé ora sanggup nèk kudu mlaku saka Babilon tekan Israèl. Akèh wong Yahudi sing lair ing Babilon. Kanggoné wong-wong kuwi, Israèl mung sekedar tanah leluhuré. Terus ya ana wong Yahudi sing suksès ing Babilon. Dadi mesthi abot nèk kudu ninggalké omahé sing nyaman utawa bisnisé lan pindhah ing dhaérah sing wis suwé ditinggalké.

3. Apa berkahé nèk wong Yahudi gelem bali ing Israèl?

3 Mémang bali ing Israèl butuh pengorbanan. Tapi wong Yahudi sing sayang Yéhuwah ngerti nèk pengorbanané ora ana apa-apané dibandhingké berkahé. Salah sijiné, wong Yahudi isa leluasa ngibadah karo Yéhuwah. Ing Babilon ana luwih saka 50 kuil brahala. Tapi, baité Yéhuwah ora ana ing kono. Nèk péngin mènèhké korban, ora ana mézbah lan para imam. Terus nèk dibandhingké karo wong Babilon sing ora nyembah Yéhuwah, jumlahé wong Yahudi luwih sithik. Wong Yahudi sing sayang karo Yéhuwah mesthi péngin banget bali ing Israèl bèn ibadah sing murni isa dipulihké.

4. Yéhuwah janji apa karo wong Yahudi sing bali ing Israèl?

4 Perjalanan saka Babilon ing Israèl isa nganti patang sasi. Tapi Yéhuwah janji nèk ora ana sing isa ngalang-ngalangi wong Israèl. Nabi Yésaya nulis, ”Siapna dalan kanggo Yéhuwah. Gawéa dalan sing lurus kanggo Gusti Allah ing padhang pasir. . . . Lemah sing akèh watuné lan lubangé kudu diratakké, lan dalan sing munggah mudhun kudu didadèkké dataran.” (Yés. 40:3, 4) Coba bayangna dalan sing lurus ing padhang pasir. Dalané rata ora munggah mudhun. Mesthi gampang diliwati lan luwih cepet.

5. Dalan kiasan saka Babilon ing Israèl disebut apa?

5 Dalan-dalan sing ana saiki biasané nduwé jeneng. Dalan kiasan sing disebutké karo Yésaya ya nduwé jeneng. Ing Yésaya 35:8 disebutké, ”Bakal ana dalan gedhé ing kono sing disebut Dalan Suci. . . . Wong sing najis ora bakal liwat kono.” Piyé janji kuwi dadi kenyataan kanggo wong Yahudi lan awaké dhéwé?   

”DALAN SUCI” MBIYÈN LAN SAIKI

6. Kenapa disebut ”Dalan Suci”?

6 Kenapa disebut ”Dalan Suci”? Soalé ”wong sing najis”, yaiku wong sing bejat, nyembah brahala, lan ora gelem mertobat saka dosané, ora bakal ditampa. Wong Yahudi sing bali ing Israèl bakal dadi ”bangsa sing suci” kanggo Yéhuwah. (PT. 7:6) Tapi wong-wong kuwi kudu tetep berubah bèn isa nyenengké Yéhuwah.

7. Wong Yahudi kudu nggawé perubahan apa? Wènèhana conto.

7 Akèh-akèhé wong Yahudi lair ing Babilon. Dadi mesthiné wong-wong kuwi wis terpengaruh karo pandhangané wong Babilon. Bertaun-taun sakwisé wong Yahudi bali ing Israèl, Ézra ngélikké wong Yahudi sing nikah karo wong wédok sing ora nyembah Yéhuwah. (Pa. 34:15, 16; Ézr. 9:1, 2) Gubernur Néhémia ya kagèt wektu ngerti nèk anak-anaké wong Israèl ora isa ngomong nganggo basa Ibrani. (PT. 6:6, 7; Néh. 13:23, 24) Terus piyé bocah-bocah kuwi isa sayang karo Yéhuwah nèk ora mudheng isiné Kitab Suci sing wektu kuwi ditulis nganggo basa Ibrani? (Ézr. 10:3, 44) Dadi, wong Yahudi kudu berubah. Kuwi isa luwih gampang nèk wong Yahudi bali ing Israèl. Soalé ing kono, ibadah sing murni dipulihké.​—Néh. 8:8, 9.   

Kèt 1919, ana akèh banget wong sing wis metu saka Babilon Gedhé, yaiku kumpulan agama palsu, lan akhiré mulai mlaku ing “Dalan Suci“ (Deloken paragraf 8)

8. Apa hubungané ”Dalan Suci” karo awaké dhéwé? (Deloken gambar halaman 1.)

8 Tapi apa hubungané karo awaké dhéwé? Awaké dhéwé saiki kaya-kayané ya lagi mlaku ing ”Dalan Suci”. Ora soal bakal munggah swarga utawa termasuk ”domba-domba liyané”, awaké dhéwé kudu terus mlaku ing ”Dalan Suci”. (Yoh. 10:16) Maksudé, kudu terus nglayani Yéhuwah saiki nganti sukmbèn Kerajaané Gusti Allah nggawé bumi iki dadi Firdaus. b Kèt 1919, ana akèh banget wong sing wis metu saka Babilon Gedhé, yaiku kumpulan agama palsu, lan akhiré mulai mlaku ing dalan kuwi. Kuwi termasuk njenengan. Wis luwih saka 100 taun kèt dalan kuwi dibukak. Tapi, dalan kuwi disiapké atusan taun sakdurungé kuwi.

NYIAPKÉ ”DALAN SUCI”

9. Sesuai Yésaya 57:14, piyé Yéhuwah nyiapké ”Dalan Suci”?

9 Pas wong Yahudi metu saka Babilon, Yéhuwah nyingkirké kabèh sing ngalangi dalané umaté. (Wacanen Yésaya 57:14.) Nèk ”Dalan Suci” saiki piyé? Atusan taun sakdurungé 1919, Yéhuwah nggunakké wong-wong sing wedi karo Dhèwèké kanggo nyiapké dalan metu saka Babilon Gedhé. (Bandhingna karo Yésaya 40:3.) Merga ana dalan kuwi, wong-wong isa metu saka Babilon Gedhé lan mulai nyembah Yéhuwah. Apa waé sing kudu disiapké?

Atusan taun sakdurungé 1919, Yéhuwah nggunakké wong-wong sing wedi karo Dhèwèké kanggo nyiapké dalan metu saka Babilon Gedhé (Deloken paragraf 10-11)

10-11. Apa hasilé merga Alkitab dicétak nganggo mesin cétak lan diterjemahké ing akèh basa? (Deloken gambar kanggo paragraf 10-11.)

10 Percétakan. Nganti kira-kira taun 1450, Alkitab disalin nganggo tulisan tangan. Prosèsé suwé, dadi mung sithik sing nduwé Alkitab lan regané larang banget. Tapi pas Alkitab mulai disalin nganggo mesin cétak, ana akèh wong sing isa nduwé Alkitab.

11 Terjemahan. Mbiyèn, Alkitab mung ana ing basa Latin. Mung wong-wong sing pendhidhikané dhuwur sing ngerti basa Latin. Tapi sejak Alkitab disalin nganggo mesin cétak, mulai ana wong-wong sing nerjemahké Alkitab ing basa sing dingertèni akèh wong. Wong-wong sing maca Alkitab isa mbandhingké isiné Alkitab karo ajarané pemimpin agama.

Yéhuwah nggunakké wong-wong sing wedi karo Dhèwèké kanggo nyiapké dalan metu saka Babilon Gedhé (Deloken paragraf 12-14) c

12-13. Wènèhana conto wong-wong sing mbuktèkké ajarané gréja salah.

12 Alat bantu sinau Alkitab. Ana wong-wong sing tliti banget pas sinau Alkitab. Wong-wong kuwi crita karo liyané soal apa sing dipelajari meskipun kuwi nggawé para pemimpin agama ora seneng. Sejak kira-kira taun 1835, ana wong-wong sing nggawé selebaran sing isiné ngandhani nèk ajarané para pemimpin agama ternyata salah.

13 Kira-kira taun 1835, Henry Grew nggawé selebaran sing isiné soal keadaané wong mati. Dhèwèké mbuktèkké saka Alkitab nèk manungsa ora nduwé jiwa sing ora isa mati, merga urip saklawasé kuwi anugrah saka Gusti Allah. Kuwi béda banget karo sing diajarké ing gréja. Taun 1837, George Storrs nemu selebaran kuwi pas numpak sepur. Dhèwèké maca lan ngerti nèk kuwi bener. Terus, dhèwèké nyritakké karo wong liya soal apa sing dipelajari. Taun 1842, dhèwèké nyampèkké rangkaian ceramah sing témané, ”Apa Wong Jahat Nduwé Jiwa sing Ora Isa Mati?” Charles Taze Russell sinau akèh saka George Storrs.

14. Apa manfaaté merga ana sing nyiapké dalan? (Deloken gambar kanggo paragraf 14.)

14 Apa manfaaté merga ana sing nyiapké dalan? Wektu sinau Alkitab, Russell karo kanca-kancané isa maca kamus Alkitab, daftar kata-kata Alkitab, lan terjemahan Alkitab sing béda-béda. Wong-wong kuwi ya isa sinau saka Henry Grew, George Storrs, lan wong-wong liyané. Sedulur Russell karo kanca-kancané ya mèlu nyiapké dalan. Wong-wong kuwi nggawé akèh buku lan selebaran sing dhasaré Alkitab.   

15. Apa sing kelakon taun 1919?

15 Taun 1919, umaté Yéhuwah isa bébas saka Babilon Gedhé. Wektu kuwi ”budhak sing setya lan wicaksana” mulai mbantu wong-wong bèn isa mlaku ing ”Dalan Suci”. (Mat. 24:45-47) Merga ana sing nyiapké dalan kuwi, wong-wong sing mlaku ing ”Dalan Suci” isa kenal Yéhuwah lan ngerti tujuané. (WB. 4:18) Suwé-suwé wong-wong kuwi ya isa luwih nyenengké Yéhuwah. Yéhuwah ora nuntut umaté langsung berubah. Tapi alon-alon Yéhuwah mbantu umaté. (Deloken kothak ” Yéhuwah Nggawé Umaté Semakin Murni”.) Awaké dhéwé mesthi seneng banget merga sukmbèn isa bener-bener nyenengké Yéhuwah.​—Kol. 1:10.

”DALAN SUCI” ISIH DIBUKAK

16. Kèt 1919, ”Dalan Suci” diapakké? (Yésaya 48:17; 60:17)

16 Dalan sing apik kudu terus dirawat. Kèt 1919, ”Dalan Suci” terus digawé tambah apik bèn luwih akèh wong isa metu saka Babilon Gedhé. Taun 1921, budhak sing setya lan wicaksana nggawé alat bantu sinau Alkitab, yaiku buku The Harp of God. Buku kuwi wis dicétak mèh enem juta ing 36 basa. Akèh wong isa dadi Seksi Yéhuwah merga sinau buku kuwi. Saiki ana alat bantu sinau Alkitab sing anyar, yaiku buku Bahagia Saklawasé. Yéhuwah terus nuntun umaté liwat organisasiné bèn isa terus mlaku ing ”Dalan Suci”.​—Wacanen Yésaya 48:17; 60:17.   

17-18. ”Dalan Suci” ngarah ing endi?

17 Wong-wong mulai mlaku ing ”Dalan Suci” wektu sinau Alkitab. Ana sing mlakuné mung sedhéla. Tapi ya ana sing terus mlaku ing dalan kuwi nganti tekan tujuan. Apa tujuané?

18 Wong-wong sing nduwé harapan urip ing swarga terus mlaku ing ”Dalan Suci” nganti tekan ”firdausé Gusti Allah” ing swarga. (Why. 2:7) Wong-wong sing nduwé harapan ing bumi terus mlaku ing dalan kuwi nganti akhir Pamréntahan Sèwu Tauné Yésus. Nèk wis mlaku ing ”Dalan Suci”, aja ndelok mburi manèh. Aja nyerah nganti donya anyar. Muga-muga njenengan tekan tujuan.

LAGU 24 Ayo Munggah Gunungé Yah

a Mbiyèn, Yéhuwah nggawé dalan kiasan kanggo bangsa Israèl sing metu saka Babilon. Dalan kuwi disebut ”Dalan Suci”. Jaman saiki ya ana wong-wong sing mlaku ing ”Dalan Suci”. Kèt 1919 M, ana akèh wong sing wis metu saka Babilon Gedhé lan mulai mlaku ing ”Dalan Suci”. Awaké dhéwé mesthi péngin terus mlaku ing dalan kuwi nganti tekan tujuan.

c GAMBAR: Sedulur Russell karo kanca-kancané sinau Alkitab nganggo alat bantu sing wis disiapké karo wong-wong sing nyiapké dalan sakdurungé.