Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

WARTA PENTING No. 1 2023 | Masalah Keséhatan Méntal—Piyé Carané Ngadhepi?

Jutaan wong sak donya berjuang ngadhepi masalah keséhatan méntal. Ora soal enom, tuwa, sugih, mlarat, suku utawa agamané apa, berpendidikan apa ora, kabèh isa ngalami gejala gangguan méntal. Sakjané, gangguan méntal kuwi apa? Wong sing nduwé gangguan méntal kuwi kaya apa? Ing majalah iki bakal dirembug apa manfaaté nggolèk perawatan keséhatan lan ngetrapké saran-saran ing Alkitab kanggo ngadhepi masalah keséhatan méntal.

 

Masalah sing Dialami Akèh Wong Sak Donya

Ora soal umur utawa latar belakangé, wong isa kena gangguan méntal. Ana saran ing Alkitab bèn isa ngadhepi masalah keséhatan méntal.

Gusti Allah Perduli karo Njenengan

Ngapa kok njenengan yakin nèk mung Gusti Allah Yéhuwah sing paling memahami pikiran lan perasaané njenengan?

1 | Donga—”Kowé Kudu Masrahké Kabèh Rasa Kuwatirmu marang Gusti Allah”

Nèk pas cemas utawa kuwatir, apa njenengan ndonga karo Gusti Allah? Apa manfaaté donga kanggo wong -wong sing ngalami gangguan kecemasan?

2 | ’Ayat-Ayat Kuwi Mènèhi Penghiburan’

Ing Alkitab ana harapan nèk sedhéla manèh ora bakal ana trauma, rasa sedhih, kecéwa, lan lara ati.

3 | Contoné Wong-Wong sing Kisahé Ditulis ing Alkitab

Ing Alkitab ana kisahé wong lanang lan wong wédok sing pikiran lan perasaané padha kaya sing lagi awaké dhéwé alami. Nèk maca kisahé, awaké dhéwé dadi ora ngrasa dhèwèkan wektu wedi, susah, utawa kuwatir.

4 | Saran-Saran ing Alkitab

Nèk maca saran-saran ing Alkitab lan nggawé rencana-rencana sing isa dicapai, njenengan isa terus semangat meskipun ngalami gangguan méntal.

Carané Mbantu Wong sing Nduwé Gangguan Méntal

Bantuané njenengan mesthi ana manfaaté kanggo wong sing gangguan méntal.