Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Elias Hutter lan Karyané sing Nggumunké

Elias Hutter lan Karyané sing Nggumunké

APA panjenengan isa maca Alkitab basa Ibrani? Mbokmenawa panjenengan ora isa lan pancèn durung tau weruh. Ning, panjenengan isa dadi luwih ngajèni Kitab Suci nèk nggatèkké rong Alkitab basa Ibrani sing digawé karo salah sawijiné ahli ing abad ke-16, yaiku Elias Hutter.

Elias Hutter lair taun 1553 ing Görlitz, kutha cilik ing cedhaké perbatasan Jerman karo Polandia lan Republik Ceko. Hutter nyinaoni basa Timur Tengah ing Universitas Lutheran ing Jena. Dhèwèké dipilih dadi profésor basa Ibrani ing Leipzig wektu umuré 24 taun. Hutter dadi reformis pendidikan lan ngedegké sekolahan ing Nuremberg. Ing sekolah kuwi, mung 4 taun waé para murid isa sinau basa Ibrani, Yunani, Latin, lan Jerman. Kuwi ora mungkin kelakon ing sekolah-sekolah utawa universitas liyané.

KEUNGGULANÉ TEJEMAHAN IKI

Halaman judhul saka Alkitab basa Ibrani karyané Hutter saka taun 1587

Taun 1587, Hutter nggawé terjemahan basa Ibrani saka Prajanjian Lawas. Terjemahan kuwi dikèki judhul Derekh ha-Kodesh, sing dijupuk saka Yésaya 35:8, sing tegesé ”Dalan Suci”. Ana sing ngomong nèk variasi huruf sing digunakké ing terjemahan kuwi apik banget. Ning, sing nggawé terjemahan kuwi dadi luwih unggul yaiku merga para murid isa nggunakké terjemahan iki kanggo sinau basa Ibrani.

Alkitab terjemahan Basa Ibrani sing digawé Hutter iki migunani banget. Gatèkna rong conto tantangan sing diadhepi wektu maca Alkitab ing basa Ibrani. Sing kapisan, Alkitab basa Ibrani biyasané nggunakké abjad, sing diwaca saka tengen, sing ora dingertèni karo wong-wong umumé. Sing kapindho, kata dhasaré nganggo imbuhan sing nggawé angèl dingertèni. Contoné, gatèkna tembung Ibrani ne’phesh (tembung asliné נפשׁ), sing tegesé ”nyawa”. Yéheskièl 18:4 nulis tembung kuwi nganggo imbuhan ה (ha), sing akiré dadi tembung han·ne’phesh (tembung asliné הנפשׁ). Nèk kanggoné wong sing durung kulina, tembung han·ne’phesh (הנפשׁ) isa kétok béda banget karo ne’phesh (נפשׁ).

Kanggo mbantu para muridé, Hutter nggunakké cara nyétak sing kréatif, yaiku nganggo huruf sing dicétak kandel lan tipis. Kata dhasaré dicétak kandel lan imbuhané dicétak tipis. Dadi, wektu sinau, para murid isa langsung ngerti kata dhasar Ibraniné. Alkitab terjemahan New World Translation of the Holy Scriptures—With References uga nggunakké cara sing padha ing bagéan katrangan ing ngisor. Kata dhasar sing ditransliterasi dicétak kandel, lan imbuhané dicétak tipis. Contoné, panjenengan isa ndelok gambar-gambar ing artikel iki. Bagéan-bagéan sing ditengeri nduduhké jenis huruf sing digunakké ing Yéheskièl 18:4 ing Alkitab terjemahané Hutter sarta ing terjemahan Reference Bible ing bagéan katrangan ing ngisor.

PRAJANJIAN ANYAR ING BASA IBRANI

Hutter uga nyétak èdhisi Prajanjian Anyar ing 12 basa. Èdhisi kuwi diterbitké ing Nuremberg taun 1599 lan kerep disebut Nuremberg Polyglot. Hutter péngin nglebokké Kitab-Kitab Yunani Kristen terjemahan basa Ibrani ing èdhisi kuwi. Hutter kandha nèk dhèwèké ”gelem mbayar akèh” nèk nemokké terjemahan basa Ibrani, ning nyatané ora ana. * Dadi, dhèwèké mutuské kanggo nerjemahké dhéwé Prajanjian Anyar saka basa Yunani menyang basa Ibrani. Hutter mempeng ngrampungké proyèk kuwi, lan akiré kabèh isa rampung mung setaun.

Sepira apiké hasil terjemahan Kitab-Kitab Yunani Kristen ing basa Ibrani karyané Hutter iki? Ing taun 1891, salah sawijiné ahli basa Ibrani sing jenenge Franz Delitzsch kandha, ”Saka hasil terjemahané, kétok cetha nèk Hutter nguwasani basa, merga dhèwèké isa nemokké tembung-tembung sing bener. Pangertèn bab basa kuwi arang diduwèni karo wong-wong Kristen. Lan hasil terjemahané kuwi isa dinggo bahan rujukan.”

PENGARUHÉ NGANTI SAIKI

Terjemahané Hutter ora patio payu, dhèwèké ora isa dadi sugih. Ning, terjemahané Hutter kuwi nduwé pengaruh sing gedhé lan ana gunané nganti saiki. Contoné, Prajanjian Anyar ing basa Ibrani karyané Hutter wis didandani lan dicétak manèh karo William Robertson ing taun 1661, uga ing taun 1798 karo Richard Caddick. Wektu nerjemahké saka basa Yunani sing asli, Hutter ngganti gelar Kyʹri·os (Gusti) lan The·osʹ (Allah) dadi ”Yéhuwah” (יהוה, YHWH), ing ayat-ayat sing ngutip Kitab-Kitab Ibrani, utawa ing ayat-ayat sing nurut Hutter kuduné ana asmané Yéhuwah. Akèh terjemahan saka Prajanjian Anyar ora nyebutké asmané Gusti Allah. Ning, terjemahané Hutter nggunakké asmané Yéhuwah, lan kuwi dadi bukti tambahan kanggo mulihké asmané Gusti Allah ing Kitab-Kitab Yunani Kristen.

Dadi, wektu panjenengan ndelok asma Yéhuwah ing Kitab-Kitab Yunani Kristen, élinga karo terjemahan Alkitab basa Ibrani karyané Elias Hutter sing nggumunké kuwi.

^ par. 9 Sakdurungé kuwi, para ahli wis padha nerjemahké Prajanjian Anyar ing basa Ibrani. Salah sijiné yaiku Simon Atoumanos, kira-kira ing taun 1360. Sing liyané yaiku Oswald Schreckenfuchs, salah siji ahli saka Jerman, kira-kira ing taun 1565. Terjemahan-terjemahan kuwi ora tau diterbitké lan saiki wis ilang.