Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB UTAMA | MALAÉKAT—ANA TENAN APA ORA?

Apa Ana Malaékat sing Jahat?

Apa Ana Malaékat sing Jahat?

Ya, pancèn ana malaékat sing jahat. Saka ngendi asalé? Élinga nèk para malaékat nduwé kebébasan kanggo milih. Ora suwé sakwisé manungsa digawé, ana salah siji makhluk roh sing sampurna sing nggunakké kebébasané kanggo mbrontak sarta ngojok-ojoki Adam lan Kawa kanggo mbrontak nglawan Gusti Allah. (Purwaning Dumadi 3:1-7; Wahyu 12:9) Alkitab ora nyebutké sapa jenengé malaékat kuwi sakdurungé mbrontak lan apa tingkatané ing swarga. Ning, sakwisé mbrontak, malaékat kuwi disebut Sétan, sing tegesé ”Sing Nglawan” lan Iblis sing tegesé ”Tukang Mitenah”.​—Matéus 4:8-11.

Sayangé, sing mbrontak ora mung Sétan thok. Ing jamané Nuh, ana pirang-pirang malaékat sing ”padha ninggal papan padunungané” ing swarga. Para malaékat kuwi mudhun menyang bumi nganggo wujud manungsa kanggo nindakké bab sing bejat lan nyimpang saka tujuan awalé digawé.​—Yudas 6; Purwaning Dumadi 6:1-4; 1 Pétrus 3:19, 20.

Dadi, apa sing saiki dialami karo para malaékat sing jahat kuwi? Wektu Gusti Allah nyirnakké bumi nganggo banjir gedhé, para malaékat kuwi malih wujudé dadi makhluk roh manèh. Ning, Yéhuwah ora ngijinké para malaékat sing ora setya kuwi kanggo balik menyang panggonané ing swarga. Malah, para malaékat kuwi banjur diasorké ing kahanan sing ’peteng [ing bab rohani]’, sing disebut Tartarus. (Yudas 6; 2 Pétrus 2:4, Terjemahan Dunia Baru) Para malaékat sing jahat kuwi dikuwasani karo Sétan, sing ’mindha-mindha dadi malaékating pepadhang’.​—Matéus 12:24; 2 Korinta 11:14.

Alkitab mulangké nèk Kratoné Allah, yaiku pamréntahané ing swarga, wis madeg ing taun 1914. * Bar kuwi, Sétan lan para malaékaté diusir saka swarga lan kagiyatané dibatesi ing bumi. Sétan lan balané banjur bales dendam lan mènèhi pengaruh sing ngrusak. Mula, ana akèh tumindak sing jahat lan amoral ing donya saiki.​—Wahyu 12:9-12.

Ning, tumindak jahat lan bejat sing saya akèh kuwi malah dadi bukti nèk pengaruhé Sétan lan balané ora suwé manèh bakal disirnakké. Sakwisé Kratoné Allah mréntah 1.000 taun ing bumi firdaus, makhluk-makhluk roh sing jahat kuwi bakal diwènèhi kesempatan sepisan manèh kanggo nguji manungsa. Banjur, makhluk-makhluk roh kuwi bakal disirnakké kanggo saklawasé.​—Matéus 25:41; Wahyu 20:1-3, 7-10.

^ par. 6 Kanggo katrangan luwih akèh bab Kratoné Allah, deloken bab 8 saka buku Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan? sing dicétak Seksi-Seksi Yéhuwah, uga ana ing www.dan124.com/jv.