Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

LAGU 69

Ayo Terus Martakké Injil

Ayo Terus Martakké Injil

(2 Timotius 4:5)

  1. 1. Kerajaané Huwah Gusti

    sing wis mréntah saiki,

    Kabar iki nyenengké ati,

    Lan kabèh kudu ngerti.

    Wong-wong ya kudu dikandhani

    soal jenengé Yah Gusti.

    Seneng mèlu gawéan iki,

    Mbantu kabèh wong bèn ngabdi.

    (REFREIN)

    Ayo terus martakké Injil,

    Ora perlu wedi.

    Terus setya wektu nglayani

    Yéhuwah sing suci.

  2. 2. Sing munggah swarga ya martakké

    bareng domba liyané,

    Padha semangat pas martakké

    Injil Yah sing nylametké.

    Mbantu kabèh wong bèn ngrungokké

    soal Yah lan K’rajaané.

    Meskipun akèh alangané,

    Huwah sing bakal nguwatké.

    (REFREIN)

    Ayo terus martakké Injil,

    Ora perlu wedi.

    Terus setya wektu nglayani

    Yéhuwah sing suci.