Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

LAGU 87

Acara Ibadah Kuwi Nguwatké

Acara Ibadah Kuwi Nguwatké

(Ibrani 10:24, 25)

  1. 1. Saiki wis saya rusak donyané,

    Bakalé ndang dihancurké.

    Tapi Yéhuwah mènèhi umaté

    tuntunan bèn dislametké.

    Wulangan ing acara ibadahé

    asalé saka Dhèwèké.

    Acara kuwi akèh manfaaté,

    Isa nguwatké umaté,

    Mbantu bèn kabèh nglakoni préntahé

    lan dadi kuwat imané.

    Mula aja nganti padha ngrèmèhké,

    Wis saya cedhak dinané.

  2. 2. Ngibadah kuduné diutamakké,

    Meski akèh alangané,

    Merga Yah péngin ngandhani umaté

    soal kawicaksanané.

    Mulané kudu rajin ngibadahé,

    Aja nganti dilalèkké.

    Para pinituwa t’rus dirungokké,

    Manut karo arahané.

    Ayo kabèh padha terus nggatèkké,

    Mesthi bakal dikuwatké.

    Nèk ngibadah dadi ngerti carané

    bèn isa seneng uripé.