Langsung mlebu

Mbantu Para Pengungsi Ing Eropa Tengah

Mbantu Para Pengungsi Ing Eropa Tengah

Akir-akir iki, akèh wong-wong saka Afrika, Timur Tengah, lan Asia Selatan sing teka ing Eropa kanggo ngungsi. Lembaga pamréntah lan rélawan lokal nyedhiyakaké maeman, panggonan kanggo ngungsi, lan pengobatan kanggo mbantu para pengungsi kuwi.

Ning, para pengungsi kuwi mbutuhaké bantuan liyané. Akèh sing susah merga ngalami trauma, lan butuh panglipuran uga pangarep-arep. Mula, Seksi-Seksi Yéhuwah ing Eropa bagéan tengah ngupaya kanggo mènèhi panglipuran lan pangarep-arep marang para pengungsi. Seksi-Seksi Yéhuwah ngrungokaké para pengungsi, lan ngandhani kabar saka Alkitab sing marahi ayem.

Panglipuran saka Alkitab

Wiwit Agustus 2015, Seksi-Seksi Yéhuwah saka 300 jemaat ing Austria lan Jerman wis nggawé upaya kusus kanggo mènèhi panglipuran marang para pengungsi. Seksi-Seksi Yéhuwah nitèni yèn akèh pengungsi seneng ngrembug jawabané Alkitab saka pitakonan-pitakonan iki:

Ing antarané sasi Agustus lan Oktober 2015, Seksi-Seksi Yéhuwah ing wilayah kuwi pesen patang ton wacan Alkitab saka kantor cabang Eropa Tengah, lan ngedumaké wacan-wacan kuwi marang pengungsi tanpa njaluk bayaran.

Sing Diupayakaké Merga Basané Béda-Béda

Akèh pengungsi sing mung bisa omongan nganggo basa negarané dhéwé. Mula, Seksi-Seksi Yéhuwah nggunakaké situs Wèb jw.org, sing isiné wacan lan vidhéo ing atusan basa. ”Kadhang kala omongané nggunakaké obahé tangan lan nganggo gambar,” kandhané Matthias lan Petra, sing dadi rélawan ing Erfurt, Jerman. Sedulur-sedulur kuwi uga nggunakaké aplikasi JW Language, yaiku aplikasi kanggo sinau basa sing mbantu Seksi-Seksi Yéhuwah martakaké kabar Alkitab nganggo basa werna-werna. Liyané nggunakaké aplikasi JW Library sing ana akèh pilihan basané, kanggo macakaké Alkitab lan nduduhaké vidhéo.

Tanggepan sing Apik Banget

”Akèh wong ngrubungi aku lan bojoku,” kandhané salah siji Seksi Yéhuwah lan bojoné saka Schweinfurt, Jerman. ”Mung ing wektu loro setengah jam, ana kira-kira 360 wacan Alkitab sing diwènèhaké marang para pengungsi. Ana sing mundhuk-mundhuk kanggo nduduhaké rasa matur nuwuné.” ”Para pengungsi padha seneng merga ana sing nggatèkaké,” kandhané Wolfgang, sing dadi rélawan ing Diez, Jerman. ”Kadhang kala ana sing njaluk wacan ing lima utawa enem basa.”

Akèh sing langsung maca wacané, lan ana sing mara kanggo ngucapké matur nuwun. ”Ana cah enom loro sing njupuk wacané,” kandhané Ilonca, Seksi saka Berlin, Jerman. ”Siji setengah jam sakbanjuré, cah loro kuwi bali nggawa roti. Cah-cah kuwi njaluk ngapura merga mung bisa mènèhi roti kuwi kanggo nduduhaké rasa matur nuwuné.”

“Matur nuwun! Matur nuwun banget!”

Pekerja sosial, pegawé pamréntah, lan wong-wong ing dhaérah kono ngajèni banget upayané Seksi-Seksi Yéhuwah. ”Matur nuwun!” kandhané salah siji pekerja sosial sing ngurusi 300 pengungsi. ”Matur nuwun banget merga wis mikiraké uripé wong-wong saka negara liya!” Pekerja sosial liyané kandha nèk ”para pengungsi kuwi ora nduwé kagiyatan apa-apa sakliyané mangan sedina ping telu”, ning Seksi-Seksi Yéhuwah wis mènèhi wacan ing basané para pengungsi sing nggawé uripé wong-wong kuwi dadi ana tujuané.

Marion lan bojoné, Stefan, saka Austria, njelasaké tujuané marani para pengungsi marang rong polisi sing lagi patroli. Para polisi kuwi matur nuwun banget lan njaluk rong buku. Marion kandha, ”Polisi kuwi ping bola-bali ngalem upayané Seksi-Seksi Yéhuwah.”

Wong wadon saka Austria sing ajeg nyumbangaké barang-barang kanggo para pengungsi nggatèkaké yèn ora masalah cuacané kaya apa, Seksi-Seksi Yéhuwah mesthi siap mbantu para pengungsi kuwi. Wong wadon kuwi kandha marang Seksi-Seksi Yéhuwah, ”Para pengungsi kuwi mbutuhaké bantuan matèri. Ning, sing paling dibutuhaké yaiku pangarep-arep. Kuwi sing diwènèhaké Seksi-Seksi Yéhuwah marang para pengungsi.”