Langsung mlebu

Nyambut Gawé Bareng Seksi-Seksi Yéhuwah ing Warwick, New York

Nyambut Gawé Bareng Seksi-Seksi Yéhuwah ing Warwick, New York

Akèh wong sing nggumun ndelok semangaté para rélawan proyèk pembangunan ing Warwick. Pemimpiné perusahaan sing masang lift kandha karo salah sijiné rélawan ing kono, ”Gawéané kelompokmu kuwi pancèn apik tenan. Arang ana wong sing gelem ngurbanaké wektuné kanggo dadi rélawan.”

Wektu dhèwèké ngerti yèn wong-wong sing kerja ing pembangunan kantor pusaté Seksi-Seksi Yéhuwah ing Warwick kuwi akèh-akèhé para rélawan, dikirané para rélawan kuwi mung kerja ing dina Setu lan Minggu. Ning, dhèwèké kagèt pas ngerti nèk wong-wong kuwi sakjané nganti lila ninggalaké gawéané kanggo dadi sukarélawan ing kana. Malah, ana sing teka saka luar negeri kanggo ngréwangi pirang-pirang sasi lan pirang-pirang taun.

Nganti taun 2015, ana kira-kira 23.000 rélawan Seksi Yéhuwah sing kerja ing Warwick bareng karo anggota keluarga Bètel Amerika Serikat. Lan ana 750 tukang sing dudu Seksi Yéhuwah sing mbantu supaya gawéané cepet rampung. Para tukang kuwi nggumun lan seneng banget wektu nyambut gawé bareng Seksi-Seksi Yéhuwah.

Kahanan sing Nyenengaké

Pemimpiné perusahaan sing ngrancang cendhéla lan témbok kandha, ”Kabèh anak buahku seneng banget kerja ing kana. Akèh sing gelem kerja ing proyèk iki merga sikapé Seksi-Seksi Yéhuwah sing padha apikan.”

Ana perusahaan sing nyedhiyakaké tenaga kanggo mbantu mbangun atapé bangunan panginepan. Wektu kontrak kerjané wis rampung, ana telung karyawan sing mutusaké péngin tetep kerja ing proyék Warwick. Wong-wong kuwi metu saka perusahaané, terus mèlu perusahaan sing isih nggarap proyèk ing kana.

Sipat-sipat apik sing diduduhaké Seksi Yéhuwah mènèhi pengaruh apik kanggo wong-wong sing dudu Seksi Yéhuwah sing kerja ing kana. Contoné, ana wong lanang saka perusahaan sing nggawé fondhasi. Sakwisé dhèwèké kerja pirang-pirang sasi, bojoné ngrasa yèn ana sing béda saka tumindak lan omongané. Bojoné seneng banget lan kandha, ”Bojoku malih dadi apik banget saiki.”

”Seksi Yéhuwah sing Wadon Tetep Mangkat Kerja”

Wong-wong wadon uga mèlu kerja ing Warwick. Ora mung nyopiri bis, ngresiki kamar, lan dadi sekretaris, ning uga ngatur mlebu metuné kendharaan proyèk, masang kabel fiber-optic, lan nggarap pipa. Wong-wong wadon ing kana nyambut gawé mempeng banget.

Tukang sing dudu Seksi Yéhuwah nggatèkaké wong lanang lan bojoné mudhun saka bis bareng lan mlaku gandhèngan tangan. Dhèwèké dadi trenyuh. Terus, dhèwèké ya ndelok wong wadon sing semangat banget nggarap gawéané. Dhèwèké kandha, ”Biyasané wong wadon kuwi mung ngrusuhi thok. Ning iki béda, wong-wong wadoné semangat kanggo ngrampungaké gawéané. Aku wis pengalaman mbangun akèh gedhung ing kutha iki, ning gawéan ing kéné sing paling nyenengaké.”

Wektu lagi musim salju taun 2014/2015, hawané adhem banget. Sakjané pénak kanggo turu waé ketimbang kudu kerja ing njaba. Jeremy, salah siji Seksi Yéhuwah sing kerja karo pengawas proyèk, kandha, ”Pas hawané adhem banget, mandhor sing ngurusi bagéan fondhasi mesthi takon karo aku, ’Sésuk sing wadon apa ya tetep mangkat kerja?’

”’Iya.’

”’Sing ngatur kendharaan proyèk ing njaba kaé ya mlebu?’

”’Iya.’

”Terus dhèwèké kandha karo anak buahé supaya tetep mangkat kerja merga Seksi Yéhuwah sing wadon waé ya tetep mangkat kerja.”

Sopir Bis Seneng Banget karo Gawéané

Luwih saka 35 sopir bis diséwa kanggo ngeteraké lan njemput para rélawan Warwick saka penginepan menyang proyèk.

Sakdurungé mangkat, sopiré ngadeg, terus kandha karo penumpangé, ”Aku seneng nyopir kanggo Seksi-Seksi Yéhuwah. Tulung tilpunaké juraganku lan kandhakna yèn aku betah kerja ing kéné. Aku sinau akèh bab Alkitab saka panjenengan kabèh. Sakdurungé, aku ora ngerti sapa asmané Gusti Allah, lan blas ora ngerti pangarep-arep kanggo manungsa ing bumi pirdus. Saiki aku dadi ora wedi karo pati. Iki pengalaman sing nyenengaké banget. Suk pas prèi, panjenengan bakal ketemu aku manèh ing Balé Ibadah.”

Damiana, Seksi Yéhuwah sing kerja ing Warwick, kandha, ”Sakwisé aku karo kabèh sedulur munggah numpak bis, sopiré ngomong karo kabèh penumpangé yèn dhèwèké wis nyopiri 4.000 Seksi-Seksi Yéhuwah. Terus, dhèwèké kandha, ’Panjenengan kabèh kuwi béda-béda, ning padha rukun lan kompak. Nggumunaké tenan.’ Dhèwèké seneng banget yèn omong-omongan karo Seksi-Seksi Yéhuwah.”

”Sakwisé dhèwèké rampung ngomong, ana sing takon, ’Yèn padha nyanyi, apa panjenengan ya seneng ngrungokaké?’

”Dhèwèké ngguyu lan kandha, ’Saiki piyé yèn nyanyi lagu nomer 134?’” *

^ par. 22 Lagu 134, saka Bernyanyilah Bagi Yehuwa, judhulé ”Lihatlah Ketika Semua Baru.” Liriké nggambaraké rasané wektu bumi iki dadi pirdus.