Langsung mlebu

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Kuwi Agama Amerika?

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Kuwi Agama Amerika?

 Kantor pusaté Seksi-Seksi Yéhuwah ana ing Amerika Serikat. Ning, Seksi-Seksi Yéhuwah dudu agama Amerika, merga:

  •   Seksi-Seksi Yéhuwah dudu kelompok sing misah saka agama Kristen. Kosok baliné, Seksi-Seksi Yéhuwah nerusaké ajaran agama Kristen abad kapisan.

  •   Seksi-Seksi Yéhuwah nginjil ing luwih saka 230 negara. Ora soal urip ing negara endi, Seksi-Seksi Yéhuwah ngabdi mung marang Gusti Allah Yéhuwah lan Yésus Kristus, dudu marang pamréntah Amerika utawa pamréntah liyané.—Yokanan 15:19; 17:15, 16.

  •   Ajarané Seksi-Seksi Yéhuwah kabèh dhasaré saka Alkitab, dudu saka tulisané pemimpin agama Amerika Serikat.​—1 Tésalonika 2:13.

  •   Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi pengikuté Yésus, dudu pengikuté manungsa.​—Matéus 23:8-10.