Langsung mlebu

PITAKONANÉ CAH ENOM

Piyé Carané Aku Isa Nduwé Hubungan sing Apik karo Guruku?

Piyé Carané Aku Isa Nduwé Hubungan sing Apik karo Guruku?

 Masalah karo guru

 Mèh kabèh murid nduwé guru sing kétoké ora adil, seneng nuntut, utawa kejem.

  •   Luis sing umuré 21 taun ngomong, ”Aku tau nduwé guru sing kerep ngomong saru lan ora menghargai murid-muridé. Merga dhèwèké wis arep pènsiun dhèwèké mikir nèk ora bakal dipecat senajan tumindak kaya ngono.”

  •   Melanie sing umuré 25 taun, tau dibéda-bédakké karo guruné. Dhèwèké kandha, ”Guruku kaya ngono merga agamaku béda karo wong-wong liyané. Guruku ngomong nèk aku pantes dingonokké.”

 Nèk kowé nduwé guru sing kaya ngono, aja kuwatir. Kowé ora perlu metu saka sekolah. Cobanen saran-saran iki.

 Carané ngadhepi

  •   Gawéa penyesuaian. Saben guru nduwé kepénginan sing béda-béda. Dadi, ngupayaa nindakké apa sing dipéngini gurumu.

     Pathokané Alkitab: ”Wong kang wicaksana, becik ngrungokna, supaya wuwuh ngèlmuné.”​—Wulang Bebasan 1:5.

     ”Aku kudu ngerti apa sing nggawé guruku seneng lan aku kudu nindakké kuwi. Kuwi sing nggawé aku lan guruku dadi akrab.”​—Christopher.

  •   Kudu ngajèni. Kowé kudu sopan wektu ngomong karo gurumu. Aja langsung njawab wektu gurumu lagi ngomong senajan kétoké jawabanmu bener. Kowé iki muridé dudu kancané.

     Pathokané Alkitab: ”Omonganmu kudu tansah nyenengké, kaya panganan sing dibumboni nganggo uyah, supaya kowé ngerti carané mènèhi jawaban marang saben wong.”​—Kolose 4:6.

     ”Akèh guru ora diajèni karo muridé. Dadi, nèk kowé ngupaya ngajèni gurumu, dhèwèké ya bakal apikan karo kowé.”​—Ciara.

  •   Kudu ngertèni. Guru-guru ya isa ngrasa strès lan kuwatir, padha kaya awaké dhéwé. Dadi, aja gampang nyimpulké nèk gurumu kuwi galak lan sengit karo kowé.

     Pathokané Alkitab: ”Kita kabèh kerep nggawé salah.”​—Yakobus 3:2.

     ”Tugasé guru kuwi abot. Guru kudu ngawasi lan ndhidhik murid-muridé. Dadi, aku ngupaya dadi murid sing manut bèn guruku ora tambah kuwatir lan strès.”​—Alexis.

  •    Critaa karo wong tuwamu. Wong tuwamu péngin kowé berhasil ing sekolah lan saran-sarané isa mbantu kowé wektu ana masalah karo guru.

     Pathokané Alkitab: ”Rancangan bakal ora kelakon, manawa tanpa tetimbangan.”​—Wulang Bebasan 15:22.

     ”Wong tuwa kuwi nduwé akèh pengalaman. Dadi, nèk kowé ngrungokké saran-sarané, kuwi isa mbantu kowé ngatasi masalah.”​—Olivia.

 Sing isa mbok tindakké wektu ngomong karo gurumu

 Mungkin kowé lan gurumu isa mbahas masalahé. Élinga nèk tujuanmu dudu nggolèk sapa sing bener lan sing salah. Kowé mung péngin rembugan bèn masalahé isa rampung.

 Pathokané Alkitab: ”Tindakna apa waé sing nggawé rukun.”​—Roma 14:19.

 ”Nèk gurumu kétoké kejem mung karo kowé, takona apa kowé nduwé salah. Saka jawabané gurumu, kowé isa ngerti kudu piyé.”​—Juliana.

 ”Mungkin kowé isa langsung nemoni gurumu sakdurungé utawa sakwisé pelajaran. Kowé ya kudu tetep tenang wektu ngrembug masalahé. Muga-muga gurumu isa ngertèni lan seneng karo caramu ngrampungké masalah.”​—Benjamin.

 PENGALAMAN

 ”Bijiku èlèk, lan guruku babar blas ora mbantu. Kuwi nggawé aku péngin mandheg sekolah.

 ”Terus, aku njaluk saran saka guru liyané. Guru kuwi kandha, ’Kowé karo gurumu kuwi padha-padha ora kenal. Kowé kudu crita apa masalahmu. Mungkin kowé ya kudu mbantu murid-murid liyané kanggo ngomong karo gurumu kuwi.’

 ”Aku ora langsung ngetrapké saran kuwi. Ning, sing diomongké karo guru mau pancèn bener. Nèk kepéngin keadaané berubah, aku kudu tumindak dhisik.

 ”Sésuké, aku nemoni guruku kuwi lan ngomong maturnuwun merga wis diwulang lan aku kepéngin nduwé biji sing apik. Ning, aku kangèlan lan ora ngerti kudu piyé. Guruku mènèhi aku saran lan nawani bantuan sakwisé sekolahé rampung utawa liwat e-mail.

 ”Aku ora nyangka masalahé isa rampung. Merga mbahas masalahé karo guruku, aku dadi luwih semangat sekolah lan hubunganku karo dhèwèké dadi cedhak.”​—Maria.

 Saran: Nèk kowé ngalami masalah karo gurumu, anggep kuwi pelatihan kanggo kowé bèn isa dadi wong sing déwasa. Katie, sing umuré 22 taun, kandha, ”Sakwisé lulus sekolah, kowé mungkin ketemu karo wong-wong sing nduwé jabatan sing tumindaké ora mesthi apik. Nèk kowé berhasil ngadhepi masalahmu karo gurumu, kowé ya bakal berhasil ngadhepi masalahmu karo wong liya.”