Langsung mlebu

PITAKONANÉ CAH ENOM

Apa Sèks Oral Kuwi Salah?

Apa Sèks Oral Kuwi Salah?

 Ana beberapa bocah sing umuré 15 nganti 19 taun diwawancarai karo Pusat Pengendalian lan Pencegahan Penyakit ing Amerika Serikat. Ternyata, setengah saka bocah-bocah mau wis tau sèks oral. a Sharlene Azam, pengarang buku Oral Sex Is the New Goodnight Kiss, ngomong, ”Cah-cah enom biasané nganggep nèk sèks oral kuwi ora apa-apa. Malah, menurut meréka sèks oral kuwi dudu hubungan sèks.”

 Piyé nèk menurutmu?

 Jawaben pertanyaan-pertanyaan iki.

  1.   Apa cah wédok isa hamil nèk sèks oral?

    1.   Ya

    2.   Ora

  2.   Nèk sèks oral, apa kowé isa kena penyakit?

    1.   Ya

    2.   Ora

  3.   Apa sèks oral kuwi termasuk hubungan sèks?

    1.   Ya

    2.   Ora

 Sing bener sakjané piyé?

 Bandhingna karo jawabanmu mau.

  1.   Apa cah wédok isa hamil nèk sèks oral?

     Jawabané: Ora. Kuwi sebabé wong-wong mikir nèk sèks oral kuwi ora bahaya.

  2.   Nèk sèks oral, apa kowé isa kena penyakit?

     Jawabané: Ya. Wong sing tau sèks oral isa kena hepatitis (A utawa B), bénjolan ing alat kelamin, gonore, herpes, HIV, lan sifilis.

  3.   Apa sèks oral kuwi termasuk hubungan sèks?

     Jawabané: Ya. Sing termasuk hubungan sèks kuwi, yaiku hubungan badan, sèks oral, sèks anal, lan masturbasi karo wong liya.

 Ngapa kok sèks oral kuwi ora éntuk?

 Ayo dibahas beberapa ayat ing Alkitab soal kuwi.

 Ayat: ”Gusti Allah péngin bèn kowé . . . ora nindakké hubungan sèks sing ora pantes.”​—1 Tésalonika 4:​3.

 Kata Yunani sing diterjemahké dadi ”hubungan sèks sing ora pantes” maksudé hubungan sèks sakdurungé nikah. Kuwi termasuk hubungan badan, sèks oral, sèks anal, lan masturbasi karo wong liya. Wong sing nindakké hubungan sèks sing ora pantes bakal ngrasakké akibaté. Sing paling parah, hubungané karo Gusti Allah isa rusak.​—1 Pétrus 3:12.

 Ayat: ”Wong sing nindakké hubungan sèks sing ora pantes nglarani badané dhéwé.”​—1 Korintus 6:18.

 Sakliyané ngrusak keséhatan lan nggawé hubungané awaké dhéwé karo Gusti Allah dadi rusak, sèks oral ya isa nggawé awaké dhéwé ngrasa sedhih banget. Menurut buku Talking Sex With Your Kids, ”Wong sing tau nindakké hubungan sèks sing ora pantes bakal ngrasa ora berharga lan gela. Kabèh wong sing nindakké hubungan sèks sing ora pantes, ora soal apa waé bentuké, ya bakal ngrasa kaya ngono.”

 Ayat: ”Aku Yéhuwah Gusti Allahmu, sing mulang kowé soal apa waé sing ana manfaaté kanggo kowé.”​—Yésaya 48:​17.

 Menurutmu, hukumé Gusti Allah soal sèks kuwi ana manfaaté, apa malah membatasi kowé? Gambarané ngéné, ing dalan ana rambu-rambu lalu lintas, misalé tandha batas kecepatan lan lampu bangjo. Kira-kira rambu-rambu kuwi membatasi kowé, apa malah nglindhungi kowé? Apa akibaté nèk kowé lan wong liya ora manut karo rambu-rambu kuwi?

Hukumé Gusti Allah kaya rambu-rambu lalu lintas sing nglindhungi, dudu membatasi kowé.

 Hukumé Gusti Allah ya kaya ngono. Nèk ora gelem manut, kowé bakal ngrasakké akibaté. (Galatia 6:7) Menurut buku Sex Smart, ”Nèk kowé ora gelem manut, padahal wis ngerti nèk kuwi salah, kowé bakal gela.” Nèk manut karo Gusti Allah, kuwi berarti kowé wong sing apik, lan hati nuranimu ya bakal ngrasa pénak.​—1 Pétrus 3:16.

[Cathetan Ngisor]

a Sèks oral kuwi maksudé merangsang alat kelaminé wong liya nganggo ilat utawa cangkem.