Langsung mlebu

BANTUAN KANGGO KELUARGA | NDHIDHIK ANAK

Ngajari Anak-Anak Bèn Seneng Ngomong Maturnuwun

Ngajari Anak-Anak Bèn Seneng Ngomong Maturnuwun

 Menurut penelitian, wong sing seneng bersyukur kuwi isa luwih bahagia, luwih séhat, isa tabah wektu ana masalah, lan nduwé akèh kanca. Peneliti sing jenengé Robert A. Emmons ngomong nèk ”wong sing seneng bersyukur kuwi ora gampang iri, ora srakah, ora gampang nesu, lan ora gampang kecéwa”. a

 Nèk anak-anak piyé? Ana peneliti sing ngamati 700 anak selama patang taun. Ternyata, anak-anak sing seneng bersyukur kuwi ora seneng nyontèk, ora nganggo narkoba, ora seneng ngombé-ngombé, lan tingkah lakuné ya apik.

  •   Ora bersyukur merga ngrasa nèk kuwi haké. Akèh anak-anak sing ora maturnuwun wektu dikèki merga wis ngrasa nèk kuwi ki haké.

     Ana ibu-ibu sing jenengé Katherine ngomong, ”Akèh iklan ing majalah, TV, lan Internèt sing nggawé wong dadi mikir nèk kabèh-kabèh kuwi haké. Makané, akèh wong dadi ora seneng bersyukur saiki.”

  •   Anak-anak isa diajari ngomong maturnuwun kèt cilik. Ana ibu-ibu sing jenengé Kaye ngomong, ”Ngajari anak-anak sing isih cilik kuwi luwih gampang. Kuwi kaya tanduran sing kèt cilik disangga nganggo kayu bèn thukulé isa jejeg.”

Anak-anak kudu diajari apa?

  •   Seneng ngomong maturnuwun. Kèt cilik, anak-anak isa diajari ngomong maturnuwun. Nèk wis gedhé, anak-anak isa dadi luwih menghargai wong liya.

     Ayat: ”Kowé kudu terus ngucap syukur.”​—Kolose 3:15.

     ”Putuku sing umuré telung taun seneng ngomong ’tulung’ lan ’maturnuwun’, soalé dhèwèké ndelok saka wong tuwané lan kèt cilik ya diajari karo wong tuwané.”​—Jeffrey.

  •   Seneng mènèhi. Misalé, nèk ana sing ngekèki anak-anak hadiah, kongkonen meréka nulis kartu ucapan maturnuwun. Terus, anak-anak ya isa dikongkon ngéwangi gawéan ing omah bèn ngerti nèk kuwi ora gampang.

     Ayat: ”Mènèhi kuwi luwih bahagia timbang diwènèhi.”​—Kisah 20:35.

     ”Anakku loro tak kongkon mbantu masak, nyiapké panganan, lan resik-resik omah. Kuwi mbantu meréka ngerti nèk dadi wong tuwa kuwi ora gampang, lan meréka ya dadi luwih menghargai.”​—Beverly.

  •   Kudu rendah hati. Wong sing rendah hati ngerti nèk butuh bantuané wong liya. Dadi nèk wis dibantu, dhèwèké mesthi bersyukur.

     Ayat: ”Kowé kudu rendah hati nganggep wong liya luwih unggul timbang kowé. Gatèkna kepentingané wong liya, dudu mung kepentinganmu dhéwé.”​—Filipi 2:3, 4.

     ”Kadhang-kadhang pas mangan bareng, kami sak keluarga gentènan nyritakké apa waé sing isa disyukuri. Hasilé, kabèh dadi luwih seneng bersyukur.”​—Tamara.

 Saran: Dadi conto. Nèk njenengan seneng ngomong maturnuwun karo wong liya lan karo anak-anak, kuwi bakal ditiru karo anak-anak.

a Saka buku Thanks! How Practicing Gratitude Can Make You Happier.