Kisah Para Rasul 20:1-38

  • Paulus ing Makédonia lan Yunani (1-6)

  • Éutikhus diuripké manèh ing Troas (7-12)

  • Saka Troas menyang Milétus (13-16)

  • Paulus ketemu karo para pinituwa Éfésus (17-38)

    • Mulang saka omah menyang omah (20)

    • ”Mènèhi kuwi luwih bahagia timbang diwènèhi” (35)

20  Sakwisé gègèran kuwi mandheg, Paulus ngundang* lan nguwatké murid-murid. Bar kuwi, dhèwèké pamit lan neruské perjalanané menyang Makédonia.  Sakwisé marani kutha-kutha sing ana ing kana lan nyampèkké omongan sing nguwatké murid-murid, Paulus lunga menyang Yunani.  Sakwisé telung sasi ing Yunani, dhèwèké arep numpak kapal menyang Siria. Ning, merga ngerti nèk wong Yahudi nggawé rencana jahat arep matèni dhèwèké,+ Paulus mutuské bali liwat Makédonia.  Paulus dikancani Sopater anaké Pirus saka Béréa, Aristarkhus+ lan Sékundus saka Tésalonika, Gayus saka Dèrbé, Tikhikus+ lan Trofimus+ saka Provinsi Asia, lan Timotius.+  Wong-wong kuwi mangkat dhisik, lan sakwisé tekan Troas, wong-wong kuwi ngentèni aku lan sedulur-sedulur.  Aku lan sedulur-sedulur numpak kapal saka Filipi sakwisé Perayaan Roti Tanpa Ragi.+ Sakwisé limang dina, aku lan sedulur-sedulur ketemu karo wong-wong sing wis ngentèni mau, terus manggon ing Troas nganti pitung dina.  Ing dina pertama minggu kuwi, aku lan sedulur-sedulur mangan bareng. Merga sésuké arep mangkat, Paulus mènèhi akèh naséhat marang wong-wong sing ngumpul kuwi. Paulus ngomong suwé banget nganti tengah wengi.  Ing kamar ndhuwur sing dienggo ngumpul, ana akèh lampu.  Ana cah lanang sing jenengé Éutikhus lungguh ing cedhak jendhéla. Pas Paulus isih ngomong, dhèwèké keturon nganti angler banget lan akhiré tiba saka lantai telu. Wektu diangkat, dhèwèké wis mati. 10  Terus, Paulus mudhun, mbungkukké badané ing ndhuwuré badané cah lanang kuwi, lan ndhekep dhèwèké.+ Bar kuwi, Paulus kandha, ”Ora usah kuwatir. Dhèwèké wis urip manèh.”+ 11  Terus, Paulus munggah manèh, nyuwil-nyuwil roti, lan mangan. Dhèwèké neruské manèh omongané nganti ésuk. Bar kuwi, lagi dhèwèké mangkat. 12  Terus, wong-wong kuwi ngejak cah lanang mau mulih lan ngrasa seneng banget merga cah lanang mau urip manèh. 13  Paulus ngongkon aku lan sedulur-sedulur mangkat dhisik numpak kapal menyang Asos, merga dhèwèké péngin mlaku waé. Kaya préntahé Paulus, aku, sedulur-sedulur, lan Paulus bakal ketemuan ing Asos, terus lagi numpak kapal bareng-bareng saka kono. 14  Sakwisé ketemu ing Asos, aku, Paulus, lan sedulur-sedulur numpak kapal menyang Mitiléné. 15  Sésuké, aku lan sedulur-sedulur numpak kapal saka kana lan tekan ing sabrangé Pulau Khios. Sésuké manèh, aku mandheg sedhéla ing Samos, lan let sedina manèh aku lan sedulur-sedulur tekan ing Milétus. 16  Paulus mutuské nèk dhèwèké ora mampir ing kutha Éfésus,+ tapi langsung neruské perjalanané numpak kapal bèn ora kesuwèn ing Provinsi Asia. Nèk isa, Paulus péngin ndang tekan Yérusalèm+ pas dina Perayaan Péntakosta. 17  Ning, pas ing Milétus, Paulus ngirim pesen marang para pinituwa ing Éfésus bèn nemoni dhèwèké. 18  Pas para pinituwa kuwi teka, Paulus kandha, ”Sedulur-sedulurku, kowé wis ngerti dhéwé apa sing tak lakoni saksuwéné bareng karo kowé kèt dina pertama aku ing Provinsi Asia iki.+ 19  Aku ngupaya rendah hati kaya budhak wektu nglayani Gusti.*+ Aku ya ngrasakké sengsara nganti nangis-nangis, merga wong Yahudi nggawé rencana jahat arep matèni aku. 20  Senajan ngono, aku tetep ngandhani kabèh sing ana manfaaté kanggo kowé. Aku ya tetep mulang kowé ing ngarepé wong akèh+ lan saka omah menyang omah.+ 21  Aku ya wis mènèhi penjelasan sing lengkap marang wong Yahudi lan Yunani nèk wong-wong kuwi kudu mertobat,+ nyembah Gusti Allah, lan nduwé iman marang Gustiné awaké dhéwé, yaiku Yésus.+ 22  Saiki tulung gatèkna, nurut karepé roh suci, aku kudu lunga menyang Yérusalèm. Ning, aku ora ngerti apa sing bakal tak alami ing kana. 23  Aku mung ngerti nèk ing saben kutha, roh suci bola-bali ngandhani aku nèk aku bakal dipenjara lan ngalami kesengsaraan.+ 24  Senajan ngono, aku ora nganggep uripku penting. Sing tak péngini mung isa ngrampungké apa sing saiki lagi tak tindakké+ lan ngrampungké tugas sing tak tampa saka Gusti Yésus, yaiku ngumumké kabar apik soal sipat apikané Gusti Allah. 25  ”Kowé wis tak wènèhi berita soal Kerajaané Gusti Allah. Saiki, aku ngrasa nèk aku ora bakal ketemu karo kowé manèh. 26  Mula, dina iki kowé tak undang* mréné kanggo dadi seksi nèk nganti wong-wong kuwi mati, kuwi wis dudu tanggung jawabku manèh.+ 27  Sebab, kabèh sing dadi karepé Gusti Allah wis tak omongké marang kowé lan ora ana sing tak tutup-tutupi.+ 28  Liwat roh suci, kowé wis dilantik dadi pengawas.+ Kowé kudu dadi gembala kanggo jemaaté Gusti Allah+ sing wis dituku nganggo getihé Anaké Gusti Allah dhéwé.+ Mula, kowé kudu nggatèkké awakmu dhéwé+ lan domba-domba sing ana ing jemaat. 29  Aku ngerti nèk sakwisé aku lunga, bakal ana wong-wong sing kaya serigala-serigala sing kejem ing antaramu.+ Wong-wong kuwi ora bakal nduwé rasa mesakké marang jemaat. 30  Malah, saka antaramu dhéwé bakal ana wong-wong sing mulangké ajaran sesat bèn murid-murid dadi pengikuté wong-wong kuwi.+ 31  ”Mula kowé kudu terus jaga-jaga. Élinga nèk saksuwéné telung taun,+ awan lan bengi, aku terus mènèhi kowé naséhat karo mbrebes mili. 32  Saiki, kowé tak percayakké marang Gusti Allah lan marang omongané sing nyritakké soal sipat apikané. Omongan kuwi isa nguwatké kowé lan marahi kowé éntuk warisan bareng karo para wong suci.+ 33  Aku ora tau ngarep-arep wong liya mènèhi aku pérak, emas, utawa klambi.+ 34  Kowé ngerti dhéwé nèk aku ya nyambut gawé bèn isa nyedhiakké kebutuhanku+ lan kebutuhané wong-wong sing ngancani aku. 35  Aku wis nduduhké liwat kabèh tumindakku marang kowé, nèk kowé ya kudu sregep nyambut gawé+ bèn isa mbantu wong sing mbutuhké. Kowé ya kudu terus ngéling-éling omongané Gusti Yésus, yaiku, ’Mènèhi+ kuwi luwih bahagia timbang diwènèhi.’” 36  Bar kuwi, Paulus berlutut lan ndonga bareng karo sedulur-sedulur kuwi. 37  Sedulur-sedulur kuwi nangis sesenggukan karo ndhekep Paulus lan ngambungi dhèwèké. 38  Sedulur-sedulur kuwi sedhih banget, khususé merga Paulus kandha nèk sedulur-sedulur kuwi ora bakal ketemu karo Paulus manèh.+ Terus, sedulur-sedulur kuwi ngeterké Paulus tekan kapal.

Katrangan Tambahan

Utawa ”nyeluk”.
Yunani: Kyrios. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”tak celuk”.