1 Tésalonika 5:1-28

  • Dinané Yéhuwah sing bakal teka (1-5)

    • ”Saiki awaké dhéwé urip tentrem lan aman” (3)

  • Tetep tangi lan sadhar (6-11)

  • Naséhat (12-24)

  • Salam penutup (25-28)

5  Sedulur-sedulur, soal wektu sing wis ditentokké kuwi, ora ana sing perlu tak tulis kanggo kowé.  Kowé wis ngerti tenan nèk dinané Yéhuwah*+ bakal teka kaya maling pas bengi.+  Wektu wong-wong kandha, ”Saiki awaké dhéwé urip tentrem lan aman,” ujug-ujug wong-wong kuwi bakal disingkirké,+ kaya wong wédok sing ujug-ujug ngrasakké lara merga arep nglairké. Wong-wong kuwi mesthi ora bakal isa mlayu saka bencana kuwi.  Ning, sedulur-sedulur, kowé ora ana ing petengan. Mula, wektu dina kuwi teka, kowé ora bakal kagèt kaya maling sing kagèt wektu ngerti nèk wis padhang.  Kowé kuwi anak-anaké cahaya lan anak-anaké awan.+ Awaké dhéwé iki dudu anak-anaké bengi utawa anak-anaké peteng.+  Mula, aja nganti awaké dhéwé turu kaya sing liyané,+ ning awaké dhéwé kudu tetep tangi+ lan sadhar.+  Wong biasané turu pas bengi lan mabuk pas bengi.+  Ning, merga awaké dhéwé iki anak-anaké awan, ayo awaké dhéwé tetep sadhar, nganggo tutup dhadha yaiku iman lan katresnan, lan nganggo topi wesi yaiku harapan nèk bakal dislametké Gusti Allah.+  Gusti Allah ora milih awaké dhéwé kanggo ngukum awaké dhéwé, ning kanggo nylametké+ awaké dhéwé liwat Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé, 10  sing wis mati kanggo awaké dhéwé.+ Dadi, ora soal awaké dhéwé urip utawa mati,* awaké dhéwé bakal urip bareng karo dhèwèké.+ 11  Mula, kowé kudu terus nguwatké* lan mbantu liyané,+ kaya sing mbok tindakké saiki. 12  Saiki, sedulur-sedulur, aku njaluk bèn kowé ngajèni wong-wong sing wis nyambut gawé tenanan ing antaramu, sing mimpin kowé ngabdi marang Gusti, lan sing mènèhi naséhat marang kowé. 13  Kowé kudu bener-bener nresnani lan ngajèni wong-wong kuwi merga apa sing wis ditindakké wong-wong kuwi.+ Kowé kudu ngupaya bèn tetep rukun karo liyané.+ 14  Ning, sedulur-sedulur, aku njaluk bèn kowé ngélikké wong-wong sing ora tertib,+ menghibur wong sing cilik ati, mbantu wong sing lemah, lan sabar karo kabèh wong.+ 15  Aja mbales kejahatan nganggo kejahatan marang sapa waé.+ Ning, kowé kudu terus ngupaya nindakké apa sing apik marang sedulur seiman lan marang kabèh wong.+ 16  Kowé kudu terus bahagia.+ 17  Kowé kudu terus ndonga.+ 18  Kowé kudu ngucap syukur kanggo apa waé.+ Kuwi sing dikarepké Gusti Allah kanggo murid-muridé Kristus Yésus. 19  Aja matèni geniné roh suci.+ 20  Aja ngrèmèhké ramalan.+ 21  Kowé kudu mastèkké apa sing bener+ lan terus nindakké apa sing apik. 22  Aja nindakké kejahatan apa waé.+ 23  Muga-muga Gusti Allah sing nggawé ayem nggawé kowé bener-bener suci. Muga-muga roh, urip, lan badanmu tetep ora ana cacadé wektu Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé bali.*+ 24  Gusti Allah sing milih kowé bakal nindakké apa waé sing wis diomongké. Dhèwèké mesthi bakal nindakké kuwi. 25  Sedulur-sedulur, terus dongakna aku.+ 26  Kowé kudu ramah lan apikan karo sedulur liyané.* 27  Nganggo jenengé Gusti, aku njaluk tenanan marang kowé bèn surat iki diwacakké marang kabèh sedulur.+ 28  Muga-muga Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé apikan banget karo kowé.

Katrangan Tambahan

Deloken Lamp. A5.
Lit.: ”utawa turu ing kematian”.
Utawa ”terus menghibur”.
Yunani: parousia. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”lan mènèhi ciuman suci”.