Injil Matius 10:1-42

  • Rasul 12 (1-4)

  • Arahan kanggo nginjil (5-15)

  • Murid-murid bakal dianiaya (16-25)

  • Wedi marang Gusti Allah, dudu manungsa (26-31)

  • Ora nggawa rukun, ning nggawa pedhang (32-39)

  • Nampa murid-muridé Yésus (40-42)

10  Yésus ngundang* muridé 12, terus para murid kuwi diwènèhi kuwasa kanggo ngusir roh jahat*+ lan kuwasa kanggo marèkké kabèh penyakit lan masalah keséhatan.  Jenengé rasul 12+ kuwi yaiku Simon sing disebut Pétrus,+ Andréas+ seduluré, Yakobus lan Yohanes+ anak-anaké Zébédéus,  Filipus lan Bartoloméus,+ Tomas,+ Matius+ petugas pajeg, Yakobus anaké Alféus, Tadéus,  Simon wong saka Kanani,* lan Yudas Iskariot sing akhiré ngianati Yésus.+  Yésus ngutus rasul 12 kuwi lan mènèhi arahan,+ ”Aja lunga ing dhaérahé bangsa-bangsa liya. Aja mlebu ing kuthané wong Samaria.+  Ning, lungaa marang wong Israèl waé. Wong-wong kuwi kaya domba-domba sing kesasar.+  Lungaa, lan umumna, ’Kerajaan swarga wis cedhak.’+  Marèkna wong lara,+ uripna wong mati, marèkna* wong lara kusta, lan usiren roh-roh jahat. Kowé nampa tanpa mbayar, mula wènèhna tanpa njaluk bayaran.  Aja sangu emas, pérak, utawa tembaga ing kanthong dhuwitmu.+ 10  Kanggo perjalananmu, aja nggawa kanthong panganan, salin,* sandhal, utawa tongkat,+ sebab wong sing nyambut gawé pantes nampa upahé.*+ 11  ”Ing saben kutha utawa désa sing mbok parani, golèka wong sing gelem nampa kowé, lan manggona ing kono nganti kowé lunga.+ 12  Wektu mlebu ing omahé wong, ucapna salam. 13  Nèk sing nduwé omah gelem nampa, wong-wong kuwi bakal éntuk berkah.*+ Tapi nèk ora gelem nampa, wong-wong kuwi ora bakal éntuk berkah apa-apa.* 14  Nèk ana wong sing ora gelem nampa utawa ngrungokké kowé, lungaa saka omah utawa kutha kuwi, lan kebutna debu saka sikilmu.+ 15  Percayaa, ing Dina Pengadilan, sing dialami kutha kuwi bakal luwih angèl timbang sing dialami Sodom lan Gomora.+ 16  ”Gatèkna. Aku ngutus kowé kaya domba ing antarané serigala. Mula, kowé kudu ngati-ati kaya ula, ning tulus kaya manuk dara.+ 17  Kowé kudu waspada, merga wong-wong bakal nggawa kowé ing pengadilan+ lan mecuti kowé+ ing sinagogé.*+ 18  Kowé bakal digawa ing ngarepé gubernur lan raja+ merga dadi muridku. Kuwi kelakon bèn kowé isa mènèhi kesaksian marang wong-wong kuwi lan marang bangsa-bangsa liyané.+ 19  Nèk kuwi kelakon, aja kuwatir soal apa sing kudu mbok omongké utawa piyé carané ngomong. Wektu kuwi, kowé bakal ngerti apa sing kudu mbok omongké.+ 20  Dudu kowé sing ngomong, tapi kuwasané Bapakmu ing swarga sing bakal mbantu kowé.+ 21  Terus, wong bakal nyerahké seduluré kandhung utawa anaké dhéwé bèn dipatèni. Anak bakal mbrontak marang wong tuwané lan nyerahké wong tuwané bèn dipatèni.+ 22  Kowé bakal disengiti kabèh wong merga kowé muridku.*+ Ning, wong sing terus setya nganti akhir bakal dislametké.+ 23  Nèk kowé dianiaya ing salah siji kutha, lungaa ing kutha liyané.+ Percayaa, kowé ora bakal rampung marani kabèh kutha ing Israèl nganti Anaké manungsa teka. 24  ”Murid ora ngluwihi guruné, lan budhak ora ngluwihi majikané.+ 25  Wis cukup nèk murid isa dadi kaya guruné lan budhak isa dadi kaya majikané.+ Nèk sing nduwé omah waé diarani Béèlzébul,*+ apa manèh wong-wong sing sak omah karo dhèwèké. 26  Mula, aja wedi karo wong-wong kuwi. Apa sing ketutup bakal kebukak, lan kabèh rahasia bakal dingertèni.+ 27  Apa sing tak omongké meneng-meneng marang kowé, critakna marang kabèh wong. Apa sing tak bisikké marang kowé, umumna ing ngarepé wong akèh.+ 28  Aja wedi marang wong sing isa matèni badan, ning ora isa matèni jiwa.*+ Tapi, kowé kudu wedi marang Dhèwèké sing isa matèni jiwa lan badan ing Géhéna.*+ 29  Manuk emprit loro nèk diedol regané mung sak dhuwit rècèh cilik,* ta? Ning, ora ana manuk siji waé sing tiba ing lemah tanpa dingertèni Bapakmu.+ 30  Malah, Bapakmu ngerti jumlahé rambut ing sirahmu. 31  Mula aja wedi. Kowé luwih berharga timbang akèh manuk emprit.+ 32  ”Saben wong sing ngakoni aku ing ngarepé manungsa,+ ya bakal tak akoni ing ngarepé Bapakku ing swarga.+ 33  Ning, sapa sing ora ngakoni aku ing ngarepé manungsa, ya ora bakal tak akoni ing ngarepé Bapakku ing swarga.+ 34  Aja ngira nèk aku teka nggawa rukun ing bumi. Aku teka ora nggawa rukun, ning nggawa pedhang.+ 35  Tekaku iki nggawé wong mungsuhan. Anak lanang nglawan bapaké, anak wédok nglawan ibuné, lan mantu wédok nglawan ibu maratuwané.+ 36  Saktenané, wong bakal dimungsuhi karo keluargané dhéwé. 37  Sapa waé sing luwih sayang karo bapaké utawa ibuné timbang karo aku ora pantes dadi muridku. Sapa waé sing luwih sayang karo anaké lanang utawa wédok timbang karo aku ora pantes dadi muridku.+ 38  Sapa waé sing ora gelem nampa cagak hukumané* lan ngetutké aku ora pantes dadi muridku.+ 39  Sapa sing ngupaya nylametké nyawané bakal kélangan nyawané, ning sapa sing kélangan nyawané demi aku bakal éntuk nyawané.*+ 40  ”Sapa waé sing nampa kowé, artiné wong kuwi ya nampa aku. Sapa waé sing nampa aku, artiné wong kuwi ya nampa Dhèwèké sing ngutus aku.+ 41  Sapa waé sing nampa nabi merga wong kuwi nabi bakal éntuk upah nabi.+ Sapa waé sing nampa wong bener merga wong kuwi bener bakal éntuk upah wong bener. 42  Sapa waé sing mènèhi banyu adhem sak cangkir marang muridku* merga wong kuwi muridku, percayaa, dhèwèké mesthi bakal nampa upahé.”+

Katrangan Tambahan

Lit.: ”roh najis”.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”wong sing semangat”.
Utawa ”sucèkna”.
Utawa ”klambi loro”.
Lit.: ”panganané”.
Utawa ”damai”.
Utawa ”damaimu bakal bali marang kowé”.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Utawa ”merga jenengku”.
Sebutan kanggo Sétan, penguasané roh-roh jahat.
Utawa ”urip”. Maksudé, harapan urip sukmbèn.
Lit.: ”sak asarion”. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”bakal urip manèh”.
Lit.: ”marang salah siji saka antarané wong-wong cilik iki”.