Yakobus 2:1-26

  • Pilih kasih kuwi dosa (1-13)

    • Katresnan kuwi hukum raja (8)

  • Nduwé iman ning ora tumindak, iman kuwi mati (14-26)

    • Roh-roh jahat ya percaya lan wedi (19)

    • Abraham disebut sahabaté Yéhuwah (23)

2  Sedulur-sedulurku, kowé kan wis nduwé iman marang Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé sing mulya, ning kok isa kowé pilih kasih karo wong liya?+  Misalé, ana wong loro sing teka kanggo ngibadah, sing siji nganggo cincin emas lan klambi méwah, ning sing sijiné kuwi wong mlarat sing klambiné reged.  Apa kowé luwih ngajèni wong sing nganggo klambi méwah lan kandha, ”Lungguh ing kéné waé, ing panggonan sing paling apik,” terus kandha marang wong sing mlarat, ”Kowé ngadeg waé,” utawa, ”Kowé lungguh waé ing lantai”?+  Nèk kowé kaya ngono, kuwi artiné kowé mbédak-mbédakké wong+ lan kowé dadi hakim sing nggawé keputusan sing jahat.+  Sedulur-sedulurku sing tak tresnani, tulung rungokna aku. Gusti Allah kan milih wong-wong sing dianggep mlarat karo donya iki bèn dadi sugih imané, ta?+ Ya, Gusti Allah milih wong-wong kuwi kanggo nampa warisan Kerajaané sing dijanjèkké marang wong-wong sing nresnani Dhèwèké.+  Ning, kowé malah ngrèmèhké wong mlarat. Padahal, wong sugih sing nindhes+ lan nyèrèt kowé menyang pengadilan.  Wong sugih kuwi ngrèmèhké jeneng sing apik sing diwènèhké marang kowé, ta?  Nèk kowé nindakké hukum raja menurut ayat sing kandha, ”Kowé kudu nresnani wong liya kaya kowé nresnani awakmu dhéwé,”+ kowé nindakké apa sing apik.  Ning, nèk kowé terus pilih kasih,+ kowé nindakké dosa. Hukum kuwi bakal nduduhké nèk kowé salah.+ 10  Nèk ana wong sing manut karo kabèh Hukum Musa, ning nglanggar hukum siji waé, wong kuwi nglanggar kabèh Hukum Musa.+ 11  Gusti Allah ngomong, ”Aja laku jina.”+ Gusti Allah ya ngomong, ”Aja matèni wong.”+ Dadi, nèk kowé ora laku jina, ning kowé matèni wong, kowé nglanggar hukum. 12  Kowé bakal diadili menurut hukum sing nggawé wong dadi bébas, dadi kowé kudu ngomong lan tumindak sesuai karo hukum kuwi.+ 13  Wong sing ora nduwé rasa mesakké ora bakal dimesakké wektu diadili.+ Nduduhké rasa mesakké kuwi luwih unggul timbang ngadili. 14  Sedulur-sedulurku, nèk ana wong sing ngaku nduwé iman ning ora nduduhké kuwi liwat tumindaké, apa gunané?+ Imané kuwi ora isa nylametké dhèwèké.+ 15  Nèk ana sedulur lanang utawa sedulur wédok sing ora nduwé klambi lan ora nduwé cukup panganan kanggo saben dinané, 16  terus kowé kandha karo wong-wong kuwi, ”Muga-muga kowé apik-apik waé. Muga-muga kowé nduwé klambi lan panganan kanggo saben dinané,” ning kowé ora mènèhi apa sing dibutuhké wong-wong kuwi, apa gunané?+ 17  Iman ya kaya ngono. Nèk awaké dhéwé ora nindakké apa sing apik, imané awaké dhéwé mati.+ 18  Ning, mungkin ana wong sing bakal ngomong ngéné, ”Kowé nduwé iman, lan aku nindakké apa sing apik. Apa kowé isa nduduhké imanmu marang aku nèk kowé ora nindakké apa sing apik? Aku bakal nduduhké imanku léwat tumindakku sing apik.” 19  Kowé percaya nèk Gusti Allah mung siji, ta? Kuwi apik. Ning, roh-roh jahat ya percaya lan wedi marang Dhèwèké.+ 20  Ning kowé, wong sing bodho, apa kowé perlu bukti nèk iman sing ora diduduhké liwat tumindak kuwi ora ana gunané? 21  Abraham bapaké awaké dhéwé kan dianggep bener merga tumindaké, ta? Dhèwèké dianggep bener sakwisé mènèhké Ishak anaké dadi persembahan ing mézbah.+ 22  Dadi, imané Abraham kétok saka tumindaké, lan imané dadi sampurna merga tumindaké.+ 23  Mula, ayat iki kelakon tenan: ”Abraham nduwé iman marang Yéhuwah.* Kuwi sebabé, Gusti Allah nganggep dhèwèké wong sing bener.”+ Dhèwèké ya disebut sahabaté Yéhuwah.*+ 24  Dadi, saiki kowé ngerti nèk wong bakal dianggep bener merga tumindaké, dudu mung merga imané. 25  Rahab pelacur kuwi ya kaya ngono. Dhèwèké dianggep bener karo Gusti Allah merga tumindaké, ta? Dhèwèké wis ramah lan apikan karo mata-mata sing marani dhèwèké lan mbantu mata-mata kuwi lunga liwat dalan liya.+ 26  Badan sing ora ana napasé* kuwi mati.+ Padha kaya ngono, nèk awaké dhéwé nduwé iman ning ora nindakké apa sing apik, iman kuwi mati.+

Katrangan Tambahan

Deloken Lamp. A5.
Deloken Lamp. A5.
Utawa ”rohé”. Deloken Daftar Istilah.