Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Muridé Yésus Éntuk Mèlu-Mèlu Politik?

Apa Muridé Yésus Éntuk Mèlu-Mèlu Politik?

 Saiki akèh wong ngakuné muridé Yésus, tapi mèlu-mèlu politik. Misalé ana sing ndhukung partai politik lan wong sing dicalonké dadi pemimpin. Para pemimpin politik janji nèk bakal ngatasi akèh masalah sing ana saiki bèn isa éntuk dhukungan. Malah akèh pemimpin agama sing nduwé jabatan ing pamréntahan. Terus ing beberapa negara, ana agama sing dianggep dadi agama negara.

 Dadi, apa muridé Yésus éntuk mèlu politik? Yésus ngomong, ”Kowé wis tak wènèhi conto, mula kuwi ya kudu mbok tindakké.” (Yohanes 13:15) Piyé contoné Yésus?

Apa Yésus mèlu-mèlu politik?

 Ora.

 Yésus ora gelem nduwé jabatan politik. Pas ditawani Sétan ”kabèh pamréntahané manungsa ing donya”, Yésus nolak. (Matius 4:8-10) a Terus pas arep didadèkké raja, dhèwèké ya ora gelem. Menurut Alkitab, ”Yésus ngerti nèk wong-wong kuwi bakal meksa dhèwèké dadi raja. Mula, Yésus lunga manèh ing gunung dhèwèkan.” (Yohanes 6:15) Yésus ora gelem mèlu-mèlu politik.

 Yésus ora mihak. Misalé pas kaé, wong Yahudi ora gelem mbayar pajeg ing pamréntahan Roma. Pas ditakoni soal kuwi, Yésus njawab, ”Wènèhna marang Kaisar apa sing dadi duwèké Kaisar. Ning, wènèhna marang Gusti Allah apa sing dadi duwèké Gusti Allah.” (Markus 12:13-17) Dadi, Yésus ora mihak sapa-sapa. Mémang, Yésus ngomong nèk kudu mbayar pajeg ing pamréntahan Roma. Tapi nèk hukumé pamréntah ora sesuai karo hukumé Gusti Allah, ya kudu luwih manut karo Gusti Allah.​—Matius 4:10; 22:37, 38.

 Yésus ndhukung Kerajaané Gusti Allah. (Lukas 4:43) Yésus ngerti nèk karepé Gusti Allah mung isa kelakon liwat Kerajaané Gusti Allah. Mula, dhèwèké ora mèlu-mèlu politik. (Matius 6:10) Mengko pamréntahané manungsa bakal diganti karo Kerajaané Gusti Allah.​—Danièl 2:44.

Apa wong Kristen jaman mbiyèn mèlu-mèlu politik?

 Ora. Yésus ngongkon murid-muridé bèn ”ora padha kaya wong-wong ing donya iki”. (Yohanes 15:19) Makané murid-muridé ora mèlu-mèlu politik. (Yohanes 17:16; 18:36) Murid-muridé Yésus ya ngandhani wong liya soal Kerajaané Gusti Allah.​—Matius 28:18-20; Kisah 10:42.

 Tapi, meréka ya manut karo pamréntah. (Kisah 5:29; 1 Pétrus 2:13, 17) Meréka manut hukumé, terus ya mbayar pajeg. (Roma 13:1, 7) Meskipun ora mèlu-mèlu politik, wong Kristen jaman mbiyèn ora anti pamréntah. Misalé, meréka gelem nggunakké apa sing disedhiakké pamréntah.​—Kisah 25:10, 11; Filipi 1:7.

Muridé Yésus saiki piyé?

 Menurut Alkitab, Yésus karo murid-muridé ora mèlu-mèlu politik. Mula Seksi-Seksi Yéhuwah ya ora mèlu-mèlu politik. Seksi-Seksi Yéhuwah ngandhani wong liya ”kabar apik soal Kerajaan”.​—Matius 24:14.

a Yésus ngakoni nèk Sétan kuwi ”penguasa donya iki”, mula dhèwèké isa nawani Yésus.​—Yohanes 14:30