Langsung mlebu

Apa Sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah Ora Mèlu-Mèlu Urusan Politik?

Apa Sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah Ora Mèlu-Mèlu Urusan Politik?

 Seksi-Seksi Yéhuwah ora mèlu-mèlu urusan politik merga kapercayané sing dhasaré Alkitab. Seksi-Seksi Yéhuwah ora mèlu milih pas pemilu, ora dadi anggota partai, ora golèk jabatan politik, utawa ora mèlu démo. Alkitab mènèhi alesan sing kuwat kanggo bab iki.

  •   Seksi-Seksi Yéhuwah niru Yésus, sing ora gelem nampa jabatan politik. (Yokanan 6:​15) Yésus mulang murid-muridé supaya ora mèlu-mèlu urusan donya, kuwi klebu politik.​—Yokanan 17:14, 16; 18:36; Markus 12:13-​17.

  •   Seksi-Seksi Yéhuwah setya karo Kratoné Gusti Allah. Yesus kandha bab kraton iki, ”Sarta Injiling Kraton iki bakal kawartakaké ing saindenging jagad.” (Matéus 24:14) Seksi-Seksi Yéhuwah iku wakilé Kratoné Gusti Allah, sing tugasé martakaké bab tekané Kraton kuwi. Mula, Seksi-Seksi Yéhuwah ora mèlu-mèlu urusan politik negara ngendi waé, klebu negarané dhéwé.​—2 Korinta 5:​20; Éfesus 6:​20.

  •   Merga ora mèlu-mèlu urusan politik, Seksi-Seksi Yéhuwah bisa bébas nyritakaké Kratoné Gusti Allah marang wong-wong sing tanggepané bab politik béda-béda. Seksi-Seksi Yéhuwah ngupaya nduduhaké kapercayané marang Kratoné Gusti Allah sing bisa ngrampungi masalah ing donya. Kuwi kétok saka omongan lan tumindaké.​—Jabur 56:12.

  •   Seksi-Seksi Yéhuwah bisa rukun karo sedulur-sedulur seiman sakdonya merga ora mèlu partai politik. (Kolosé 3:​14; 1 Pétrus 2:​17) Sewaliké, agama sing mèlu urusan politik nggawé anggotané ora rukun.​—1 Korinta 1:​10.

 Ngajèni pamréntah. Senajan ora mèlu-mèlu urusan politik, Seksi-Seksi Yéhuwah ngajèni pamréntah ing negarané. Iki cocog kara kandhané Alkitab, ”Saben wong sumuyuda [manuta] marang pangwasa kang mbawahaké.” (Rum 13:1) Seksi-Seksi Yéhuwah manut karo hukum pamréntah, mbayar pajeg, lan ndhukung upayané pamréntah kanggo nggawé rakyaté urip ayem tentrem. Seksi-Seksi Yéhuwah ora mbrontak utawa nglawan pamréntah, ning malah ndongakaké ”para ratu” lan ”sakèhing penggedhé” kususé wektu wong-wong kuwi nggawé keputusan bèn Seksi-Seksi Yéhuwah bébas ngibadah.​—1 Timotéus 2:​1, 2.

 Seksi-Seksi Yéhuwah ngajèni haké wong liya kanggo mutusaké bab politik. Contoné, Seksi-Seksi Yéhuwah ora ngganggu wektu ana pemilu utawa ngojok-ojoki sing arep mèlu pemilu.

 Apa keputusané Seksi-Seksi Yéhuwah bab politik lagi waé digawé? Ora. Para rasul lan wong-wong Kristen abad kapisan iya nduwé keputusan sing padha bab politik. Buku Beyond Good Intentions kandha, ”Senajan percaya yèn kudu ngurmati pamréntah, wong-wong Kristen abad kapisan ora mèlu-mèlu urusan politik.” Buku On the Road to Civilization uga kandha nèk wong-wong Kristen abad kapisan ”ora gelem nduwé jabatan politik”.

 Merga Seksi-Seksi Yéhuwah ora mèlu politik, apa kuwi mbebayani kanggo negara? Ora. Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi rakyat sing seneng rukun, dadi pamréntah ora perlu kuwatir. Gatèkna laporan saka National Academy of Sciences of Ukraine taun 2001. Laporan kuwi kandha ngéné bab Seksi-Seksi Yéhuwah sing ora mèlu urusan politik, ”Saiki, akèh sing ora seneng karo kapercayané Seksi-Seksi Yéhuwah; lan kuwi sing nyebabaké Seksi-Seksi Yéhuwah dimungsuhi karo pamréntah Komunis lan Nazi jaman mbiyèn.” Ning, senajan ditindhes Soviet, Seksi-Seksi Yéhuwah ”tetep dadi rakyat sing manut. Seksi-Seksi Yéhuwah jujur lan ora mentingaké awaké dhéwé wektu kerja ing kebon lan pabrik, lan ora mbebayani pamréntah Komunis”. Semono uga saiki, kapercayan lan tumindakè Seksi-Seksi Yéhuwah ”ora ngganggu katentreman lan karukunan bangsa ngendi waé”, kandhané laporan kuwi.