Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Bantuan kanggo Korban Kekerasan dalam Rumah Tangga (KDRT)

Bantuan kanggo Korban Kekerasan dalam Rumah Tangga (KDRT)

 Organisasi Kesehatan Dunia (WHO) kandha, ”Kekerasan sing dialami karo wong wédok kuwi kaya wabah penyakit, merga kuwi kelakon ing sakdonya lan kudu ndang diendhegké.” WHO kandha, kira-kira mèh 30 persèn ”saka kabèh wong wédok sing wis nikah utawa pacaran tau disiksa lan/utawa ngalami kekerasan sèksual” sing ditindakké karo pasangané. Saka laporan PBB, setaun kira-kira ana 137 wong wédok sing mati saben dinané ing sakdonya merga disiksa karo pasangané utawa karo keluargané. a

 Saka data-data, awaké dhéwé mung ngerti sepira akèhé kasus KDRT. Ning, data kuwi ora isa nduduhké piyé perasaan korbané lan dampak sing dialami merga disiksa.

 Apa njenengan dadi korban KDRT? Utawa apa njenengan ngerti wong liya sing dadi korbané? Nèk iya, ana beberapa ayat Alkitab sing isa mbantu.

  Iki dudu salahé njenengan

  Njenengan isa éntuk bantuan

  Njenengan isa éntuk penghiburan

  KDRT bakal ora ana manèh

  Carané mbantu korban KDRT

 Iki dudu salahé njenengan

 Alkitab kandha: ”Saben wong ing antarané kita bakal tanggung jawab marang Gusti Allah.”​—Roma 14:12.

 Élinga: Sing salah kuwi sing nindakké kekerasan. Dhèwèké sing kuduné tanggung jawab.

 Nèk pasangané njenengan nyalahké njenengan merga apa sing dhèwèké tindakké, kuwi salah. Alkitab kandha istri kuduné disayang, ora malah disiksa.​—Kolose 3:19.

 Wong sing nindakké KDRT kuwi biasané merga nduwé gangguan méntal, kecanduan alkohol, utawa kèt cilik wis biasa ndelok kekerasan ing keluargané. Senajan ngono, nèk dhèwèké kasar karo njenengan, dhèwèké kudu tetep tanggung jawab karo Gusti Allah. Dhèwèké ya kudu ngupaya sak isa-isané kanggo ngubah sikapé.

 Njenengan isa éntuk bantuan

 Alkitab kandha: ”Rancangan . . . bakal kaleksanan manawa dikanthèni juru pirembug akèh.”​—Wulang Bebasan 15:22.

 Élinga: Nèk njenengan ngrasa ora aman utawa ora ngerti kudu piyé, wong liya isa mbantu njenengan.

 Apa sebabé njenengan mungkin butuh bantuané wong liya? Merga KDRT kuwi masalah sing abot. Njenengan mungkin angèl kanggo ngrampungké masalahé merga ana akèh sing kudu dipikirké. Misalé:

  •   Keamanané njenengan

  •   Anaké njenengan

  •   Keadaan ékonominé njenengan

  •   Rasa sayang karo pasangané njenengan

  •   Péngin bèn hubungané apik manèh nèk pasangané njenengan gelem ngubah sikapé

 Njenengan isa waé ngrasa bingung lan ora ngerti kudu piyé. Nèk ngono, sapa sing isa mbantu njenengan?

 Kanca utawa keluarga sing isa dipercaya mungkin isa mbantu lan mènèhi penghiburan kanggo njenengan. Njenengan isa bener-bener dibantu nèk crita karo wong sing perduli karo njenengan.

 Layanan télépon kanggo korban KDRT mungkin isa langsung mbantu njenengan. Layanan iki isa mbantu njenengan bèn tetep aman. Terus, nèk pasangané njenengan ya gelem ngubah sikapé, layanan iki ya isa mbantu dhèwèké bèn ngerti apa sing kudu ditindakké.

 Bantuan darurat liyané isa mbantu njenengan wektu ngalami keadaan sing berbahaya. Njenengan isa njaluk bantuan saka dokter, perawat, utawa tenaga ahli liyané.

 Njenengan isa éntuk penghiburan

 Kandhané Alkitab: ”Yéhuwah b ana ing sacedhaké para wong kang rempu atiné, sarta para wong kang pepes budiné padha dipitulungi.”​—Jabur 34:19.

 Élinga: Gusti Allah janji bakal mbantu njenengan.

 Yéhuwah bener-bener perduli karo njenengan. (1 Pétrus 5:7) Yéhuwah ngerti apa sing njenengan pikirké lan rasakké. Yéhuwah isa mènèhi penghiburan liwat Alkitab. Yéhuwah ya ngundang njenengan kanggo ndonga. Wektu ndonga, njenengan isa njaluk bèn isa wicaksana lan tetep kuwat wektu ngadhepi masalah.​—Yésaya 41:10.

 KDRT bakal ora ana manèh

 Kandhané Alkitab: ”Wong bakal urip kanthi tentrem, ngadhepi kebon anggur lan keboné anjir dhéwé-dhéwé, sarta ora ana prekara sing diwedèni.”​—Mikha 4:4, Basa Jawi Padintenan.

 Élinga: Alkitab janji nèk ora suwé manèh kabèh wong bakal urip aman lan damai ing omahé dhéwé-dhéwé.

 Mung Yéhuwah sing isa ngrampungké kabèh masalahé awaké dhéwé. Alkitab janji, ”Panjenengané bakal ngusapi sakèhé luh saka mripaté wong-wong kuwi. Lan pati ora bakal ana manèh. Kasusahan, tangisan, lan rasa lara uga ora bakal ana manèh.” (Wahyu 21:4) Wektu kuwi kelakon, kabèh kenangan sing èlèk bakal ora ana manèh lan diganti dadi apa sing nyenengké. (Yésaya 65:17) Alkitab janji nèk njenengan isa nduwé masa depan sing kaya ngono.

a Artikel iki khususé ngrembug nèk korbané wong wédok. Ning, artikel iki ya mbantu nèk wong lanang sing dadi korbané.

b Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah sing ana ing Alkitab.