Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Saran ing Alkitab kanggo sing Kélangan Gawéan

Saran ing Alkitab kanggo sing Kélangan Gawéan

 Nèk kélangan gawéan, awaké dhéwé dadi ora nduwé dhuwit, kuwatir, lan strès. Piyé carané ngatasi? Ing artikel iki ana saran-saran saka Alkitab.

  •   Curhat karo kanca lan keluarga.

     Ayat: ”Kanca sejati kuwi terus nresnani.”​—Wulang Bebasan 17:17.

     Nèk kélangan gawéan biasané dadi sedhih, nesu, bingung, utawa putus asa. Tapi nèk gelem crita karo keluarga utawa kanca, meréka isa menghibur. Meréka ya isa ngekèki saran utawa mbantu njenengan nggolèk gawéan sing anyar.

  •   Aja terlalu kuwatir.

     Ayat: ”Aja nganti kuwatir soal dina sésuk, merga sésuk ana kekuwatirané dhéwé.”​—Matius 6:34.

     Mémang, menurut Alkitab awaké dhéwé kudu mikirké masa depan lan nggawé rencana. (Wulang Bebasan 21:5) Tapi ya aja nganti terlalu kuwatir, soalé sing dikuwatirké kuwi durung mesthi bakal kelakon.

     Ing Alkitab ana saran-saran piyé bèn awaké dhéwé ora terlalu kuwatir. Wacanen artikel ”Sing Isa Ditindakké Wektu Lagi Strès”.

  •   Aja boros.

     Ayat: ”Nduwé sithik utawa akèh, aku wis ngerti carané bèn ngrasa puas.”​—Filipi 4:12.

     Merga saiki wis ora kerja, ya aja boros lan aja ngutang.​—Wulang Bebasan 22:7.

     Ana saran-saran sing apik ing artikel ”Sing Isa Ditindakké Wektu Penghasilané Berkurang”.

  •   Aja males-malesan.

     Ayat: ”Kowé kudu wicaksana. . . . Gunakna wektumu kanggo nindakké apa sing penting.”​—Kolose 4:5.

     Meskipun wis ora kerja, aja males-malesan. Ning, kudu nduwé kegiatan sing bermanfaat. Hasilé, njenengan isa tetep semangat.

  •   Ora pilih-pilih gawéan.

     Ayat: ”Kabèh kerja keras kuwi ana manfaaté.”​—Wulang Bebasan 14:23.

     Aja mung milih gawéan sing disenengi. Aja gèngsi meskipun gawéan kuwi dianggep rendhahan utawa gajiné mung sithik.

  •   Terus berupaya.

     Ayat: ”Sebarna benihmu saka ésuk, lan tanganmu aja lèrèn nganti bengi, merga kowé ora ngerti sing endi sing bakal thukul.”​—Pengkhotbah 11:6.

     Kandhanana kanca, keluarga, tangga, utawa kenalan nèk njenengan lagi nggolèk gawéan. Nggolèka lowongan ing iklan utawa internèt, terus ndaftar lan siap wawancara kerja.