Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

”Kowé luwih aji.”​—MATIUS 10:31

Gusti Allah Nggatèkké Panjenengan

Gusti Allah Nggatèkké Panjenengan

SINAU SAKA CIPTAAN

Sak jam sakwisé bayi lair kuwi wektu sing penting banget. Nèk wektu kuwi bayiné dicedhakké menyang ibuné, kuwi isa ngasilké ikatan sing kuwat banget lan apik kanggo perkembangan lan pertumbuhané bayi. *

Apa sebabé ibu-ibu biasané nduwé perasaan sayang marang bayiné sing lagi waé lair? Profesor Jeannette Crenshaw njelaské ing The Journal of Perinatal Education nèk ana peningkatan hormon oksitosin sing ”ngrangsang perasaané ibu sing lagi waé nglairké, wektu ibu kuwi ndemok, ndelok, lan nyusoni bayiné”. Uga ana hormon liyané sing ”nggawé ibu kuwi dadi tanggap karo kebutuhané bayiné” lan nggawé bayi kuwi karo ibuné nduwé ikatan sing kuwat.

Hubungan sing kuwat antarané ibu lan bayiné kuwi wis dirancang karo Gusti Allah sing nyiptakké, yaiku Yéhuwah. * Raja Daud ngakoni nèk Gusti Allah sing nggawé dhèwèké isa lair lan rumangsa nyaman ing dekepané ibuné. Daud ndonga, ”Wiwit lair mila kawula kasaosaken dhumateng Paduka, wiwit nalika kawula wonten ing kandhutaning biyung kawula, Paduka dados Allah kawula.”​—Jabur 22:10, 11.

COBA DIPIKIR: Gusti Allah wis ngrancang sistem sing rumit kaya ngono kuwi kanggo mastèkké bèn ibu-ibu isa nduwé perasaan sayang lan tanggap karo kebutuhané bayiné. Dadi, masuk akalé Gusti Allah ya mesthi perduli karo kita.

APA KANDHANÉ ALKITAB?

Yésus Kristus, sing ngerti tenan bab Gusti Allah kandha, ”Manuk emprit loro nèk diedol regané mung sak dhuwit rècèh cilik, ta? Nanging, ora ana manuk siji waé sing tiba ing lemah, tanpa dingertèni Bapakmu. Malah, rambut ing sirahmu waé Bapakmu ngerti cacahé. Mula aja wedi, kowé luwih aji ketimbang akèh manuk emprit.”​—Matius 10:29-31.

Ora akèh wong sing nggatèkké manuk-manuk cilik, apa manèh sing tiba ing lemah. Ning, Gusti Allah nggatèkké saben manuk kuwi. Kanggoné Gusti Allah, manungsa kuwi luwih aji timbang manuk siji utawa akèh. Piwulangé yaiku: ”Aja wedi”, merga Gusti Allah perduli banget karo panjenengan.

Gusti Allah bener-bener perduli lan nggatèkké merga nresnani kita

Ayat-ayat sing dadi jaminan

  • ”Tingalé [mripaté] Pangéran Yéhuwah iku nyrambahi ing saenggon-enggon, nguningani wong ala lan wong becik.”​—WULANG BEBASAN 15:3.

  • ”Tingalé Sang Yéhuwah mirsani wong mursid, sarta talingané [kupingé] midhangetaké ing pasambaté.”​—JABUR 34:16.

  • ”Kawula badhé asurak-surak sukarena margi sih-kadarman Paduka, awit Paduka mirsani kasrakatan [kasusahan] kawula saha nupiksani karupekaning nyawa kawula.”​—JABUR 31:8.

”AKU NGRASA ORA DITRESNANI YÉHUWAH”

Apa pengaruhé kanggo kita nèk ngerti Gusti Allah kuwi bener-bener perduli lan nggatèkké kita? Gatèkna pengalamané Hannah * saka Inggris:

”Kerep banget aku ngrasa nèk Yéhuwah kuwi ora nresnani aku lan donga-dongaku ora dijawab. Aku mikir apa merga aku kurang iman. Aku ngrasa nèk aku iki ora penting, mulané aku éntuk hukuman lan ora digatèkké. Aku rumangsa Gusti Allah ora perduli karo aku.”

Ning, akhiré Hannah ora rumangsa kaya ngono manèh. Hannah crita, ”Sithik mbaka sithik perasaanku malih. Pirang-pirang taun kepungkur, ana ceramah Alkitab sing ngrembug bab tebusané Yésus sing ana pengaruhé kanggo aku. Kuwi nggawé aku dadi yakin manèh nèk Yéhuwah nresnani aku. Lan wektu donga-dongaku dijawab, kuwi marahi aku nangis, merga aku sadhar nèk Yéhuwah bener-bener nresnani aku. Sakliyané kuwi, saka sinau Alkitab lan pakumpulan ibadah, aku isa sinau luwih akèh bab Yéhuwah, sipat-sipaté, lan perasaané marang manungsa. Aku saiki ngerti tenan nèk Yéhuwah bener-bener ndhukung lan nresnani kita. Yéhuwah pancèn péngin banget nggatèkké saben wong.”

Omongané Hannah kuwi nggedhèkké ati. Ning, piyé panjenengan isa yakin nèk Gusti Allah ngertèni perasaan panjenengan? Pitakonan kuwi bakal dirembug ing artikel sakbanjuré.

^ par. 3 Ana ibu sing ngalami depresi pasca-persalinan, lan mbokmenawa susah kanggo nduwé ikatan sing kuwat karo bayiné. Ning, ibu-ibu sing ngalami kuwi ora perlu rumangsa salah. Nurut Institut Kesehatan Mental Nasional AS, depresi pasca-persalinan kuwi ”isa waé merga faktor fisik lan emosi . . . ning iki dudu merga apa sing wis dilakoni utawa apa sing durung dilakoni karo dhèwèké”. Kanggo katrangan luwih akèh bab iki deloken artikel ”Memahami Depresi Pascapersalinan” ing Sedarlah! 8 Juni 2003.

^ par. 5 Yéhuwah kuwi asmané Gusti Allah sing dicathet ing Alkitab.​—Jabur 83:19.

^ par. 15 Ana jeneng-jeneng ing majalah iki sing dudu jeneng asliné.