Langsung mlebu

Yèn Sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah, Apa Aku Kudu Dadi Seksi Yéhuwah?

Yèn Sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah, Apa Aku Kudu Dadi Seksi Yéhuwah?

 Ora, panjenengan ora kudu dadi Seksi Yéhuwah. Ana jutaan wong sing seneng sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah tanpa dadi anggota jemaaté. a Tujuané sinau Alkitab yaiku supaya ngerti apa wulangané Alkitab. Panjenengan bébas nggawé keputusan arep ngetrapaké wulangan kuwi apa ora. Seksi-Seksi Yéhuwah ngajèni keputusan pribadi panjenengan bab kapercayan.​—Yusak 24:15.

Apa aku éntuk nggunakaké Alkitabku dhéwé?

 Ya. Kanggo sinau Alkitab, Seksi-Seksi Yéhuwah nggunakaké Alkitab Terjemahan Dunia Baru lan panjenengan uga isa nduwèni Alkitab kuwi gratis, yèn gelem. Ning, panjenengan uga éntuk nggunakaké Alkitab panjenengan dhéwé kanggo sinau Alkitab. Sinau bab pangarep-arep lan urip langgeng bisa nggunakaké terjemahan Alkitab apa waé.

Apa sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah sinau Alkitab karo wong sing béda agamané?

  •   Alesan utamané yaiku merga tresna marang Yéhuwah sing péngin supaya wong-wong Kristen nyritakaké apa sing wis disinau marang liyané. (Matéus 22:37, 38; 28:19, 20) Seksi-Seksi Yéhuwah nganggep yèn isa kerja bareng Gusti Allah kanggo mbantu wong liya sinau Alkitab kuwi kaurmatan sing paling gedhé.​—1 Korinta 3:​6-9.

  •   Alesan liyané yaiku merga tresna marang wong liya. (Matéus 22:39) Seksi-Seksi Yéhuwah seneng isa mbagèkaké apa sing wis disinau saka Alkitab marang wong liya.​—Para Rasul 20:35.

a Ing taun 2023 saben sasiné Seksi-Seksi Yéhuwah mbantu 7.281.212 wong kanggo sinau Alkitab. Saka jumlah kuwi ana sing sinauné bebarengan. Lan ing taun kuwi, ana 269.517 sing dibaptis dadi Seksi-Seksi Yéhuwah.