Langsung mlebu

Piyé Pandhangané Seksi-Seksi Yéhuwah bab Acara Layatan?

Piyé Pandhangané Seksi-Seksi Yéhuwah bab Acara Layatan?

 Pandhangané Seksi-Seksi Yéhuwah bab acara layatan kuwi manut karo wulangané Alkitab, contoné:

  •   Sedhih merga ditinggal mati wong sing ditresnani kuwi lumrah. Muridé Yésus ngrasa sedhih wektu kanca akrabé mati. (Yokanan 11:33-​35, 38; Lelakoné Para Rasul 8:2; 9:​39) Seksi-Seksi Yéhuwah nganggep yèn acara layatan kuwi dudu acara kanggo seneng-seneng. (Kohèlèt 3:​1, 4; 7:​1-4) Seksi-Seksi Yéhuwah nggunakaké kesempatan kuwi kanggo nglipur keluarga sing ditinggal mati.​—Rum 12:15.

  •   Wong mati ora ngerti apa-apa. Seksi-Seksi Yéhuwah ora nindakaké kebiyasaan lan tata cara sing dhasaré dudu saka Alkitab, contoné kebiyasaan sing nduduhaké yèn wong mati kuwi isih ana arwahé lan bisa nyilakani utawa mbantu sing isih urip. (Kohèlèt 9:​5, 6, 10) Iki klebu lèk-lèkan kanggo ngancani wong sing mati, ngentèk-entèkaké dhuwit kanggo nggawé acara slametan, nggawé sajèn, utawa omongan lan njaluk tulung karo wong sing mati. Seksi-Seksi Yéhuwah ora nindakaké kuwi merga manut karo pathokané Alkitab, ”Sira misaha, . . . aja padha nggepok sénggol samubarang kang najis.”​—2 Korinta 6:​17.

  •   Ana pangarep-arep kanggo wong mati. Alkitab kandha yèn wong mati bakal diuripaké manèh lan pati bakal disingkiraké. (Lelakoné Para Rasul 24:15; Wahyu 21:4) Kaya sing dialami wong Kristen jaman mbiyèn, pangarep-arep iki bisa mbantu awaké dhéwé bèn ora terus-terusan sedhih.​—1 Tésalonika 4:​13.

  •   Alkitab kandha supaya acarané tetep sedherhana. (Wulang Bebasan 11:2) Seksi-Seksi Yéhuwah ora péngin acara layatan dadi acara pamèr bandha sing nduduhaké drajaté marang wong liya. (1 Yokanan 2:​16) Seksi-Seksi Yéhuwah uga ora nggawé acara layatan sing méwah, sing dirancang dadi kaya pèsta, utawa nggunakaké pethi jenazah sing larang lan klambi sing méwah.

  •   Ora meksa layatané kudu nganggo carané Seksi-Seksi Yéhuwah. Seksi-Seksi Yéhuwah manut pathokan Alkitab iki, ”Dadiné siji-sijiné panunggalan kita iku bakal ngunjukaké panjawab marang Gusti Allah bab prakarané dhéwé-dhéwé.” (Rum 14:12) Ning, yèn diwènèhi kesempatan, Seksi-Seksi Yéhuwah bakal nerangaké apa sing dipercayani ”diklawan alus lan andhap-asor”.​—1 Pétrus 3:​15.

Kaya apa acara layatané Seksi-Seksi Yéhuwah?

 Panggonan: Panggonan acara layatané ditemtokaké keluargané. Panggonané bisa ing balé ibadah, ing omah, ing kuburan, ing panggonan krémasi, utawa ing rumah duka.

 Upacara: Ana sing mènèhi ceramah kanggo nglipur wong sing ditinggal mati. Isiné ceramah nerangaké bab pati lan pangarep-arep saka Alkitab kanggo wong sing mati. (Yokanan 11:25; Rum 5:​12; 2 Pétrus 3:​13) Acara layatané uga ngrembug bab-bab sing apik lan sing bisa ditiru saka wong sing wis mati, contoné bab imané sing kuwat.—2 Samuèl 1:​17-​27.

 Bisa nyanyèkaké lagu sing dhasaré saka Alkitab. (Kolosé 3:​16) Banjur acarané dipungkasi nganggo donga panglipuran.​—Filipi 4:​6, 7.

 Kolèkte: Seksi-Seksi Yéhuwah ora njaluk bayaran kanggo acara apa waé, klebu acara layatan lan wektu pakumpulan ibadah.​—Matéus 10:8.

 Sing teka: Wong-wong sing dudu Seksi-Seksi Yéhuwah uga diundang kanggo teka ing acara layatan sing dianakaké ing balé ibadah. Kabèh wong éntuk teka ing acara layatan iki, kaya teka ing pakumpulan ibadah.

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah teka ing acara layatan sing dianakaké agama liya?

 Saben Seksi Yéhuwah kudu mutusaké dhéwé miturut hati nuraniné sing wis dilatih karo Alkitab. (1 Timotéus 1:​19) Ning, Seksi-Seksi Yéhuwah ora mèlu ing acara layatan sing ora cocog karo Alkitab.​—2 Korinta 6:​14-​17.