Langsung mlebu

Diuripké Manèh Kuwi Maksudé Piyé?

Diuripké Manèh Kuwi Maksudé Piyé?

Jawaban ing Alkitab

 Ing Alkitab, kata sing diterjemahké dadi ”diuripké manèh”, asalé saka kata Yunani a·naʹsta·sis, sing artiné ”tangi” utawa ”ngadeg”. Wong sing diuripké manèh kuwi ya tetep wong sing padha kaya sakdurungé wong kuwi mati.​—1 Korintus 15:12, 13.

 Meskipun kata ”diuripké manèh” ora ana ing Kitab-Kitab Ibrani, utawa Perjanjian Lawas, tapi sakjané ana ayat-ayat sing nyebutké soal kuwi. Misalé, liwat nabi Hoséa Gusti Allah janji, ”Aku bakal nebus umat-Ku saka Kuburan. Aku bakal mbébaské wong-wong kuwi saka kematian.”​—Hoséa 13:14; Ayub 14:13-​15; Yésaya 26:19; Danièl 12:​2, 13.

 Wong-wong bakal diuripké manèh ing endi? Ana wong-wong sing diuripké manèh ing swarga, terus bakal mréntah dadi raja bareng karo Yésus. (2 Korintus 5:1; Wahyu 5:​9, 10) Ing Alkitab, wong-wong kuwi disebut ”sing pertama diuripké manèh” lan ”sing diuripké luwih dhisik”. Kuwi berarti bakal ana wong-wong sing diuripké manèh bar kuwi. (Wahyu 20:6; Filipi 3:​11) Wong-wong kuwi jumlahé luwih akèh, lan bakal diuripké manèh ing bumi.​—Mazmur 37:29.

 Carané wong-wong diuripké manèh piyé? Gusti Allah mènèhi Yésus kuwasa kanggo nguripké manèh wong mati. (Yohanes 11:25) Yésus bakal nguripké manèh ”kabèh wong sing ana ing njero kuburan”. Wong-wong kuwi bakal nduwé sifat-sifat lan ingatan sing padha. (Yohanes 5:​28, 29) Wong-wong sing diuripké manèh ing swarga bakal nduwé badan roh, terus wong-wong sing diuripké manèh ing bumi bakal nduwé badan jasmani sing séhat.​—Yésaya 33:24; 35:​5, 6; 1 Korintus 15:42-​44, 50.

 Sapa sing bakal diuripké manèh? Ing Alkitab disebutké nèk ”Gusti Allah bakal nguripké manèh wong-wong sing bener lan sing ora bener”. (Kisah 24:15) Wong sing bener kuwi maksudé wong sing setya, misalé Nuh, Sara, lan Abraham. (Purwaning Dumadi 6:9; Ibrani 11:11; Yakobus 2:​21) Wong sing ora bener kuwi maksudé wong sing ora manut Gusti Allah merga durung ngerti apa sing bener.

 Tapi, wong sing jahat banget lan ora gelem berubah ora bakal diuripké manèh. Wektu wong kuwi mati, dhèwèké bakal mati sakterusé lan ora bakal diuripké manèh.​—Matius 23:33; Ibrani 10:26, 27.

 Kapan wong-wong bakal diuripké manèh? Ing Alkitab disebutké nèk wong-wong sing nduwé harapan urip ing swarga bakal diuripké manèh selama Yésus teka, yaiku mulai taun 1914. (1 Korintus 15:21-​23) Terus, wong-wong sing nduwé harapan urip ing bumi bakal diuripké manèh selama Pamréntahan Sèwu Tauné Yésus. Wektu kuwi bumi bakal diubah dadi firdaus.​—Lukas 23:43; Wahyu 20:​6, 12, 13.

 Kenapa awaké dhéwé isa yakin nèk wong mati bakal diuripké manèh? Ing Alkitab dicritakké nèk ana wong sanga sing diuripké manèh lan ana sing ndelok peristiwa-peristiwa kuwi. (1 Para Raja 17:17-​24; 2 Para Raja 4:​32-​37; 13:20, 21; Lukas 7:​11-​17; 8:​40-​56; Yohanes 11:38-​44; Kisah 9:​36-​42; Kisah 20:​7-​12; 1 Korintus 15:​3-6) Misalé, Yésus nguripké manèh Lazarus sing wis mati patang dina. Peristiwa kuwi didelok wong akèh. (Yohanes 11:39, 42) Malah, mungsuh-mungsuhé Yésus ora isa mbantah nèk Lazarus wis diuripké manèh. Akhiré, wong-wong kuwi berusaha matèni Yésus karo Lazarus.​—Yohanes 11:47, 53; 12:​9-​11.

 Gusti Allah nduwé kuwasa lan ya péngin nguripké manèh wong mati. Gusti Allah isa éling kabèh perincian soal wong-wong sing arep diuripké manèh. (Ayub 37:23; Matius 10:30; Lukas 20:37, 38) Gusti Allah isa lan gelem nguripké manèh wong mati. Ing Alkitab disebutké, ”Njenengan bakal kangen karo aku, merga Njenengan sing nyiptakké aku.”​—Ayub 14:15.

Pendapat soal wong-wong sing diuripké manèh

 Sing salah: Wektu diuripké manèh, jiwa lan badané wong kuwi dadi siji manèh.

 Sing bener: Ing Alkitab dijelaské nèk jiwa kuwi wong, dudu bagéan sing tetep urip wektu wong kuwi wis mati. (Purwaning Dumadi 2:7, cathetan ngisor; Yèhèzkièl 18:4, cathetan ngisor) Wektu diuripké manèh, dhèwèké dadi jiwa sing urip.

 Sing salah: Ana wong-wong sing diuripké manèh, terus langsung dipatèni.

 Sing bener: Mémang ing Alkitab disebutké nèk ”wong-wong sing tumindaké èlèk bakal diuripké kanggo diadili”. (Yohanes 5:​29, cathetan ngisor) Tapi, wong-wong kuwi bakal diadili merga tumindaké sakwisé diuripké manèh dudu sakdurungé. Yésus ngomong, ”Wong mati bakal krungu swarané Anaké Gusti Allah. Wong sing ngrungokké lan manut bakal urip.” (Yohanes 5:​25) Sakwisé diuripké manèh, wong-wong sing gelem ”ngrungokké lan manut” karo Yésus jenengé bakal dicathet ing ”gulungan kehidupan”.​—Wahyu 20:12, 13.

 Sing salah: Wektu diuripké manèh, badané bakal padha persis kaya sakdurungé dhèwèké mati.

 Sing bener: Sakwisé wong kuwi mati, badané wis hancur.​—Pengkhotbah 3:​19, 20.